Tuesday, May 12, 2009

Asal Mulaning Kutha Pemalang lan Gunung Slamet

sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
Nalika jaman biyen, ana wong telu kang merguru ing padhepokan Argo Dimillah ing gunung Lawu. Kang lanang, jenenge Bayulan Giri, yen sing wadon jenenge Warih. Wis suwe anggone wongtelu mau ngangsu kawruh ing padhepokan ArgoDimilah, nganti katelune entuk ilmune dhewe-dhewe. Tanpa sadhar Bayu lan Giri tresna marang Warih, lan iku ndadekake ‘cinta segitiga’. Ananging ‘cinta segitiga’ iku malah ndadekake paduning sedulur saperguron mau. Akhire katelune lunga saka padhepokan Argo Dimillah kaperlu nyebarake ilmukang wis pikantuk nalika padha ngangsu kawruh ing kana. Sadurunge pisah, Warih ngucap, sapa wong kang ketemudhisik karodheweke berarti wong kuwi kang bakal dadi bojone. Warih uga pesen, menawa Bayu lan Giri ora kena curang lan kudu lila menawa salah sijine kang bakal dadi bojone Warih. Banjur wongtelu mau luga, Bayu lunga meyang wetan, Warih lunga meyang kidul, lan Giri lunga meyang kulon.


Giri kang nyebarake ilmune ingdhaerah kulon kudu ngadhepi laku kang abot ing dalan amarga Giri kudu ngadhepi alangan-alangan kayata dibegal ning dalan. Nalika kuwi, rampoke wis suwe ngawasi lakune Giri. Lan nalika rampok-rampok mau ngerti menawa Giri lagi mlaku dhewekan ing pangonan kang sepi, dheweke langsung ngadhang Giri. Kanthi manteping ati, Giri bisa ngadhepi kang ngalang-ngalangi lakune dheweke. Mula panggonan mau dijenengi PEMALANG. Sawise ngliwati Pemalang, Giri mlebu alas. Kaya entuk mukjizat, Giri metu saka alas kanthi slamet. Wong-wong kang weruh padha gumun, amarga akeh kurban kang mati menawa mlebu alas mau. Mula alas mau dijenengi Alas Roban.
Banjur Giri nglanjutake nyebar ilmu nganti tumekane ing sawijining gunung, Giri diganggu dening kethek kang cah-cahe akeh. Giri kewalahan anggone ngadhepi kethek-kethek mau. Banjur ana wong wadon nganggocadar kang ora liya yaiku Warih, teka nulungi Giri. Kethek-kethek mau padha mati, Giri slamet lan panggonan mau dijenengi Gunung Slamet. Amarga penasaran, Giri ngejar Wrih kaperlu pengin ngertisapa sejatine wong kang nylametake awake. Bayu kang lagi liwat, banjur weruh wong lanang lan wong wadon kang lagi gelut. Bayu mbelani Warih nanging dheweke uga penasaran karo wong wadon kang nganggo cadar iku. Dideleng saka pawakane, kayane Bayu kenal wong wadon kang nganggo cadar iki. Akhire cadare Warih kabukak dening Bayu. Banjur Warih ngambung tangane Bayu lan ngomong menawa Bayu kang bakal dadi bojone, amarga Bayu iku wong pertama kang weruh raine Warih. Sanajan Giri ora rela, nanging akhire dheweke ngalah maraang marang Bayu. Banjur Bayu lan Warih bebojoan. Dene Giri sakwise nrasa cukup anggone nyebarake ilmune, Giri banjur bali menyang desane lan dadi sesepuh kang dikurmati dening warga kana.
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

No comments:

Post a Comment

Note: Only a member of this blog may post a comment.