sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Yen sira kasinungan ngelmu kang marakake akeh wong seneng, aja sira malah rumangsa pinter, jalaran menawa Gusti mundhut bali ngelmu kang marakake sira kaloka iku, sira uga banjur kaya wong sejene, malah bisa aji godhong jati aking.(Bila anda mendapat anugrah ilmu yang membuat banyak orang senang, janganlah kamu merasa pintar, sebab apabila Tuhan mengambil lagi ilmu yang menyebabkan anda terkenal itu, anda akan menjadi orang biasa lagi, malah lebih bermanfaat daun yang kering)
Wednesday, October 12, 2011
Naskah Pidato Bahasa Jawa
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Bapak Kepala sekolah ingkang kinurmatan.
Bapak, Ibu Guru saha Karyawan ingkang satuhu luhuring budi.
Para kanca, siswa-siswi ingkang kula tresnani.
Para rawuh ingkang satuhu kinabekten
Sumangga langkung rumiyin sami ngaturaken syukur dhumateng Gusti Maha kuwasa ingkang kepareng paring rahmat lan hidayahipun. Kita sadaya taksih saged kempal manunggal kanthi tentrem, bagas, waras, kebak ing kabagyan salebetipun adicara punika.
Dumateng ngarsanipun para rawuh sadaya ingkang kula hormati, keparenga kula ngudhar pemanggih babagan anggenipun tiyang sami ngginaaken basa Jawi wonten ing pagesangan sadinten-dinten.
Sinaosa langkung saking 75.000.000,- warga Indonesia ngginaaken basa Jawi minangka basa pasrawungan, mboten ateges basa Jawi saged ngrembaka lan dipunkembangaken aggenipun ngginaaken kanthi sae. Wonten pemanggih saking para sarjana lan sujana ingkang paring kawigatosan dhumateng basa Jawi, bilih basa Jawi menika saestu langkung angel katimbang basa-basa sanesipun. Basa sanesipun awis-awis ingkang ngecakaken langkung saking setunggal standar. Wonten ing basa Jawi standar basa menika wonten tiga, inggih menika Ngoko, Krama Madya lan Krama Inggil.
Kajawi menika para sarjana lan sujana ingkang kajibah damel rantaman kurikulum pawiyatan, kathah-kathah ugi sampun mboten kesengsem malih nglebetaken basa Jawi wonten kurikulum, kanthi alesan basa jawi menika simbol feodalisme lan adamel wates pacelathon antawisipun kaneman lan kasepuhan, kathah pemanggih ingkang mboten saged dumugi awit radin-radin para nem-neman sami ajrih matur dhumateng tiyang sepuh, menawi magertosi piyambakipun mboten saged ngginaaken Krama Inggil kanthi sae.
Mekaten sekedhik atur kula babagan basa Jawi wonten ing pagesangan sadinten-dinten, cekap semanten atur kula.
Nuwun.
Sumber Berita Lampung:
Pidato dalam kehidupan sehari-hari Naskah Pidato Bahasa Jawa Krama
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Labels:
Sesorah
Subscribe to:
Post Comments (Atom)
No comments:
Post a Comment
Note: Only a member of this blog may post a comment.