sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Yen sira kasinungan ngelmu kang marakake akeh wong seneng, aja sira malah rumangsa pinter, jalaran menawa Gusti mundhut bali ngelmu kang marakake sira kaloka iku, sira uga banjur kaya wong sejene, malah bisa aji godhong jati aking.(Bila anda mendapat anugrah ilmu yang membuat banyak orang senang, janganlah kamu merasa pintar, sebab apabila Tuhan mengambil lagi ilmu yang menyebabkan anda terkenal itu, anda akan menjadi orang biasa lagi, malah lebih bermanfaat daun yang kering)
Monday, May 28, 2012
SUPATANE MACAN TUTUL
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Ana macan tutul siji, kang satemene dadi amaning cempe, ngluwihi alane sajroning alas, ambeg adigang adiguna sarta ngandelake ing rikat luwese. Iku kena ing kala pasangane bocah angon , kang kerep dimangsa wedhuse kang duwe pasangan kala, bareng weruh yen macan tutul kena, enggal marani lan nggawa gegaman, sumedya mateni. Macan tutul kang prasasat setengah mati banget getere, banjur celatthu : “ Sapisan punika kula mugi sampeyan apunten. Sampun mesthi kula badhe boten mendhet menda malih. Kula supaos ingkang kalayan temen, yen kula badhe boten nedha daging malih, saestu boten. Kula namung bedhe nedha gegodhongan kemawon, utawi ulam toya, menawi nuju wonten.”
Bocah angon ngandel ing supatane, macan tutul banjur diuculake, banget ing bungahe tumuli anggendring . ananging durung antara sajam ndeleng ana genjik gegupak , celathune macan tutul : “ I lha dalah, genjik iku wenang dakmangsa, awit yen dak pikir ing satemene, samubarang kang ana ing banyu, iya iku iwak. Sarehne genjik iku ana ing banyu , dadi ora kalebu supataku.”
Sawuse celathu mangkono , genjik banjur dimangsa.
Eliding dongeng mangkene : sing sapa ngandel supatane wong ala, iku prasasat ngadegake omah ana ing pawedhen.
Dipethik saka : Layang Sato Kewan, CF Winters.
Tegese tembung :
supata = supaos (kr), 1. wewelak, ipat-ipat 2. netepake bener (nyata)ning prekara kanthi ngajab wewelak.
ama = 1. sarupane kang agawe rusake tanduran 2. lelarane tanduran.
ambeg = nduweni watak, nduweni bebuden
ambeg darma = (kw) welasan, seneng tetulung
ambeg pati = wani mati, ora wedi mati.
ambeg siya = awatak siya marang.
ambeg sura = (kw) kendel banget.
ambeg wani = kendel, kumendel.
ambeg welas = welasan
adigang adiguna = ngendelake karosane lan kapinterane.
sumedya = duwe niyat arep.
ulam = iwak
ngandel = percaya
genjik = anake celeng
mangsa = 1. pangan, dimangsa = dipangan 2. wektu
pawedhen = panggonan wedhi, papan sing ana wedhine.
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Labels:
08 DONGENG BOCAH,
FABEL,
Supatane Macan Tutul
Subscribe to:
Post Comments (Atom)
No comments:
Post a Comment
Note: Only a member of this blog may post a comment.