Jumat, 06 Desember 2013

Unsur-unsur Cerkak


UNSUR-UNSUR INTRINSIK CERKAK

(Sumber: Mujiono. Jati Dhiri. Ponorogo:MGMP Basa Jawa.)
A)    Tema (Underane kang minangka bakuning gagasan).
Tema iku minangka bakune gagasan kang kawedhar (kalairake/ dicurahakan) dadi sawijining cerita. Mula uga kena diarani yen tema iku dadi underane (pusat) cerita. Jalaran apa kang kababar ing cerita iku asal usule saka kene, ya saka gagasan pokok mau. Pangripta (pengarang) ora mung cerita kaya dene obrolan kang tanpa guna nanging ana bab kang pe\ingin diomongake. Dheweke ngomongake masalah kang gegayutan karo urip lan panguripane manungsa kang tundhone ngajak mikir amrih wong padha mangerteni tatanan utawi pernatan urip kang luwih becik. Tema ing cerita cekak (cerkak) iku beda karo tema kang ana ing cerita wacan bocah. Ing cerita utawi dongeng wacan bocah lumrahe tema iku manggon ing pungkasane cerita kang uga lumrah diarani liding dongeng. Dene ing cerita cekak (cerkak) iku, temane (bakune gagasan) pancen rada angel digoleki jalaran manggone sok-sok sumebar ing sajroning cerita. Mula saka iku tema cerita iku bisane ketemu sawise diwaca nganti rampung. Yen wis diwaca nganti rampung durung ketemu “tema” cerita mau padatan dislamurake (disamarakan) ing: irah-irahan, omongan-omongane, pikirane, prasaanane para paraga, prastawa-prastawa, setting (wektu, papan, swasanane, prastawa cerita). Dene anggone nulis utawa ngomongake tema cerita mau bisa arupa tembung, frasa utawa ukara.

B)    Latar (Setting).
Yen ngrembug latar (setting) ing cerita rekan (fiksi) iku satemene ora mung ngrembug asal-usul, mula bukane, kawitane, wektu kadadene lan papan panggonan sawijining prastawa bisa kedadeyan. Nanging luwih saka iku, latar satemene ngrembug uga panggonan umum (padesan, pagunungan, kutha utawa Negara), panggonan khusus (omah, kamar utawa papan cilik liyane), wektu kasejarahan, adat tata carane masyarakat, pakaryan sarta lingkungan: agama, moral, social, intelektual lan liyane. Kang kaya mangkene akehe saka apa kang diwengku dening latar (setting) iki mesthi bakal mahanani (memberi pnegaruh) marang isine cerita cekak (cerkak) mau. Tuladhane mangkene; yen kita nyritakake masyarakat padesan, ing kene lumrahe digambarake yen wong padesan iku uripe isih kecingkrangan, isih akeh kang buta hurup, nyandhang panganggone, sarta mangane sarwa prasaja (sederhana), masyarakate guyup rukun lan liyane. Lan dadine aeng (aneh) yen masyarakat padesan iku digambarake urip kang mubra-mubru, sugih, intelek, nyandhang penganggone sarwa mewah, wonge padha ora kenal siji lan sijine. Mula saka iku papan panggonan uga ana gandheng cenenge karo kahanan “mental kejiwaan” para paragane sarta masalah (konflik) kang diadhepi.

C)    Paraga (Tokoh Cerita) lan Watake (karakter). 
Paraga yaiku wong kang dadi lakon. Lumrahe paraga iku ketaman (tertimpa) sawijining perkara. Perkara kang disandhang dening paraga mau bakal kagawa wiwit awal nganti pungkasan. Saengga dadi rerangkenen cerita (jalinan carita). Abot enthenge perkara utawi masalah kang disangga dening paraga siji lan sijine iku mesthi bedane. Mula saka iku ing kene paraga, iku bisa diperang dadi telu: yaiku (1) paraga utama, (2) paraga kaloro (sekunder) lan (3) paraga tambahan (komplementer). Paraga utama iku kang nggawa lakon (mengembang cerita) dadi lakon (menjadi pelaku cerita) lan uga kang diceritakake dening paraga liyane. Dene paraga kaloro (sekunder) yaiku paraga kang mbiyantu paraga utama lan sok malah ana kang malah memalangi (menjadi panghalang/ memasuhi) paraga utama. Dene paraga tambahan iku paraga kang saliyane paraga utama lan paraga kaloro. Paraga ing sajroning cerita iku uga diwenehi watak memper (mirip atau menyerupai) watake manungsa ing alam nyata. Watake manungsa ing alam nyata iku ngremit (kompleks) ananging watake paraga cerita iku prasaja bae (sederhana), lire (maksude) prasaja yaiku, pangripta mung nengenake saperangan (sebagian) watak kang paling manjila (menonjol).
Dene carane nemokake watake paraga cerita kang ing ngisor iki:

1) watake paraga crita katon saka solah bawa, polah tingkahe,

2) watake paraga crita katon saka pangucape, omongane, alus utawi kasar tembunge nalika wicaran.

3) watake paraga katon saka kahanane badan salira, deg piyadeg, praupan (rai) nyandhang panggone lan liyane.

4) watakae paraga crita lakon saka gagasan, pikiran, paka kang digagas utawa apa kang dipikir.

5) watake paraga crita katon saka rerasane (perbincangan) paraga carita liyan, dan sebagainya.

D)    Point of View utawa Sudut Pandang
Point of View yaiku dununging utawi jejering pengarang ing sajrone crita kang diandarake. Jejering pengarang ana rong jenis, yaiku jejering (kedudukan) minangka wong kapisan lan minangka wong katelu kang minangka pengamat. Jejering pengarang minangka wong kapisan, Manawa penganrang dadi paraga ing sajroning carita sarana nggunakake tembung “aku”. Dene pengarang minangka wong katelu menawa pengarang migunakake tetembung “dheweke, panjenengane, utawa nyebutake jejeneng tanpa ngliatakae awake dhewe”.
Tuladha: pangarang minangka wong kapisan.

                Tekaane mahasiswi sing arep skripsi ing omahku ngungkat lelakon kang wis lawas kependhem. Dheweke ngaku aran Tukiyem, bocah saka Pacitan. Ya jeneng Pacitan iku sing njalar aku kelingan lelakon sing wis kasilep meh setengah abad.

Tuladha: pangarang minangka wong katelu

                Budi yakin, wong papat sragam abu-abu kang mentas metu saka Bank BPR Jatim Cabang Kantor Jalan Thamrin Ponorogo iku genah anake Kepala Sekolah SDN Wringinanom Sambit sing mentas nyetor dhuwit. Tandhane padha seneng rupane.

E)    Amanat
Amanat yaiku piwulang moral utawi pendhidhikan kang katujokake marang pamaca. Amanat ing carita cekak dening pangarang disebarake ing carita kasebut. Mula kanggo nemokake amanat perlu maca carita kanthi tuntas.

F)     Sambung rapete utawa Gandheng
Sambung rapete cenenge (Relevansi) crita karo kanyatan ing bebrayan (Masyarakat). Kaya kang wis diandharake ing ngarep yen pangripta gawe crita iku duwe sawijining tujuan. Wose (inti) tujuan mau yaiku ngajak bebrayan (masyarakat) bareng mikir marang sawenehe kahanan kang tundhono (pada akhirnya0 bisa agawe kahanan ing bebrayan iki dadi luwih becik. Kejaba saka iku, pangripta iku uga manungsa, kang dicritakake uga lelakone manungsa kang diprangguli (ditemui) ing madyane bebrayan (di tengah masyarakat). Mula saka iku yen di goleki gandheng cenenge karo kanyataan iku mesthi ana. Mung bae sapira gandheng cenenge utawa sambung rapete karo kahanan bebrayan iku, kita kudu pinter ngadhuk utawi ndhudhah.

G)   Nemokake perangan kang Nengsemake utawi Nyenengake saka Cerita Cerkak
Bisaa gawe seneng lan bisaa gawe marem para kang maca iku uga dadi tujuane pangripta. Pancen diajab dening pangripta, sawuse maca crita cerkak iku para kang maca bisa nemokake sawijining lelipur (hiburan) lan kasenengan (kepuasaan) ing sajroning batin. Lelipur karennaning ati lan kesenengane ati iku saben wong siji lan sijine beda. Dene kang dadi sebabe yaiku: jaralan basane endah, jalaran isine cerita ngandhut: piwulang sesurupan (pengetahuan0 kang cocog karo kang dibutuhake, jalaran bisa sinau wewatake manungsa utawa kepincut saka watake salah sawijine paraga kang paraga mau bisa dadi pepujane, jalaran maca crita iku akeh manfaate, sarta akeh kang bisa dituladha kanggo sangu urip bebrayan, lan liyane.

Tidak ada komentar :

Poskan Komentar

Catatan: Hanya anggota dari blog ini yang dapat mengirim komentar.