Monday, December 15, 2014

Pitutur bocah angon

sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

GOLEKO PANGALAMAN KANGGO TAMBAHING IMAN
SUPAYA AMAN BISA SUGIH SESRAWUNGAN

Sang Betet kang trisna Putra lan Bangsa
Engger, putraku kang sun dama-dama dadiya Satriya kang mulya lan uga utama, sira iku wis meguru, ya pancen bener marga Jaman maju, nanging aja kongsi keplayu-playu, iku dadi kurang rahayu, magra panjangkahe ke pliwat maju, dadi ninggal warisan-warisan IBU PERTIWI kang sira panggoni iki, mangka sira ngaku SATRIYA nanging ninggal PURWA (kawitan sala). Yen golek kawruh saka manca praja iku luwih utama nanging DUWEKE DEWE supaya dipapakena, ya di SURASA yen wis disurasa mangka tanpa daya wis wajibe kulak saka seje praja.
Jangkah kang kapisan apa wis di-udi ? (diaji). Artine Dalang Wayang Yoga apa wis mengerti ?.
Caritane Empu-empu apa wis mengerti ?
Caritane Sayid Rachmat apa wis mengerti ?
Kawitane agama Islam ange-Jawa apa wis mangerti ?
Mula iku supaya disinau sakehing pitutur tuturen dikumpul-kumpulake supaya ora kompal-kampul ngalor-ngidul, kaya “KAWUL” ngelus-elus dengkul mamprul rejekine ora bisa kumpul, marga katiyup ombaking suwara kang saka manca Negara, wusana ilang asmaning “KAWULA” oleh jenang Kawul.
Sarat-sarate ngawula Gusti supaya bagus ati, yaiku kang di asmani Rahaden, ya Rahadi, Ya Darah Adi, ya Rochadi, mula supaya duweya Iman kang “Maha Adi”.
Langkah siji Kabudayan lan Kesenian kang Di-udi.
Langkah loro golek pengalaman kanggo ngoyak Jaman.
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

No comments:

Post a Comment

Note: Only a member of this blog may post a comment.