Saturday, September 9, 2006

LKMD, bathangan?

Kulo radi kesupen, meniko kalebet golongan bathangan nopo geguritan nopo sanesipun nggih. Ngaten lho sedherek, ingkang badhe kulo tulis meniko bab singkatan. Wonten ing tlatah Jawi, utaminipun ing Jogja (ingkang kulo ngertos), asring sanget ndamel plesetan saking singkatan.

Contonipun:
1. ABCD = Abri Bukan Cepak Doang
2. UGM = Universitas Golek Mantu
3. UII = Universitas InsyaAllah Islam
lan sakpiturutipun.

Nah, wonten sak setunggaling dinten, rencang kulo criyos kedadean wonten ing counter HP. Counter HP meniko wonten ing sak ngajengipun kantor rencang kulo meniko. Pas rencang kulo badhe ngisi pulsa, kesarengan lare ingkang rikmanipun dipun cet pirang. Kados bule ngaten.

eee.. Lha kok bakulipun pulsa celathu,"wah LKMD mas". Larenipun tuwine lajeng mbingungi, LKMD niku nopo mas? ngaten lare meniko nyuwun prikso. Lajeng bakulipun pulsa semaur,"LKMD, Londo Kok Mung nDhase". hihihihi..

No comments:

Post a Comment

Note: Only a member of this blog may post a comment.