Pancen lagi keranjingan fotografi tenan kok aku iki! Mula ya blog-blog-ku akeh sing padha kapiran. Ning ya ben... jenenge we lagi sinau lan ngudi kawruh uga kaprigelan ing babagan seni jeprat-jepret iku.Para kadang, iki salah sijining foto sing dak upload ing EyeFetch.com. Priyayi sing kafoto iki sejatine lagi maragaake "Cucuk Lampah" rikala putrine boss-ku dadi manten tanggal 21 Juni 2008 kepungkur. Katon gagah lan merbawani kaya ing kethoprak! Hahaha... Yen longgar lan kepingin mriksani foto-foto liyane, mangga kaaturan rawuh ing EyeFetch.com. Sokur-sokur maringi komentar. Komentar ing kene uga kasumanggaake.
Wonten ingkang ngersaaken kula jepret? Hehehe... [skd]
No comments:
Post a Comment
Note: Only a member of this blog may post a comment.