Thursday, February 4, 2010

Jus jeruk tamba anyang-anyangen

Anyang anyangen pancen sawi jining lelara kang mangkelake. Arep bebuwang rasane lara, tur turas sing metu uga mung sethithik. Supaya ora gampang anyang-anyangen, diprayogakake ngunjuk banyu putih sing rada akeh. Dene kanggo tambane, bisa kanthi gawe jus jeruk pecel utawa lemon kanthi tambahan banyu sethithik. Dipilih jeruk lemon jalaran akeh ngandhut zat asam. Kanthi suwasana asam, bisa kanggo mateni mikrobia ing puyuhan. Dene manawa rasane kecut banget, bisa ditambah madu. Nanging uga kudu waspada, menawa panjenengan duwe lelara asam lambung utawa maag, prayoga ora ngunjuk jus lemon iki.

No comments:

Post a Comment

Note: Only a member of this blog may post a comment.