Lungguhku kaandhap langit kang lingsir sore
Tanpa mega tan ana mendhung
komplang
padhang njingglang anane jagad sesawangan
Byaar sumunar
cahya ing sak pucuking gegana
Duh candhik kala
tumedhaka maring ingsun
rungokna tangising rina kang kangen wengi
munggaha mring awang awang
sak durunge alap alap kae nyebar kabar kang maneka warna

No comments:
Post a Comment
Note: Only a member of this blog may post a comment.