Jawah dhumawah sainggiling lemah
Byah
tumiba tan tepang mangsa
rendheng apa ketiga
Coba sawangen
kae lo ana wewayangan:
Dandang dandang pada komplang
Apa sing arep diwadhang
Panci panci dipakoni
wis ra kuwat cethik geni
................
Duh gusti
Pepeling kados punapa ta niki?
...................
Lonk 2010

No comments:
Post a Comment
Note: Only a member of this blog may post a comment.