Sunday, December 5, 2010

Unggah-Ungguh

     Basa iku minangka sarana kanggo komunikasi, kanggo nglantarake marang sawijining maksud utawa kekarepan marang wong sing diajak guneman. Basa uga dadi sarana kanggo nglairake panguneg-uneg kanthi cara nulis utawa maca. Mula anggone nggunaake basa kudu trep ora kena tumpang suh, kudu mangerteni marang sapa sing diajak guneman. Mula basa iku duweni unggah-ungguh. Dene unggah-ungguhing basa iku sabenere akeh banget nanging sing lumrah digunakake iku ana 4 yaiku:
1. Ngoko lugu
2. Ngoko alus
3. Karma lugu
4. Karma alus

1. Basa Ngoko Lugu
    Wujude: Tembunge ngoko kabeh ora ana kramane.
    Panganggone:
    a. Menyang sapadha-padha kang wis kulina banget.
    b. Menyang sing kaprenah enom.
    c. Yen lagi ngunandika.
    d. Tumrap bocah sing durung bisa guneman ganep.
          Tuladha:
          - Kowe mengko sore sida ngampiri aku les?
          - Dhik, yen arep ndelok pameran, aku mengko tulung ampirana ya!

2. Basa Ngoko Alus
    Wujude: Tetembunge ngoko kacampuran karma inggil.
    Panganggone:
    a. Sedulur tuwa marang sedulur enom kang luwih dhuwur drajate.
    b. Garwane priyayi marang sing kakung.
    c. Priyayi marang priyayi yen wis ngoko-ngokonan.
    Tuladha:
    - Dhik, sliramu mengko nek kondur arep nitih apa? Apa kersa
      takdherekake?
    - Aku mau ngundhuh pelem akeh, Panjenengan apa kersa dakaturi?
    - Yen kersa mengko dakaturi sejinah.

3. Basa Krama Lugu
    Wujude: Tembunge madya (ater-ater lan panambange karma)
    Panganggone:
    a. Kanggo marang kanca sing wis kulina, padha drajate lan ngajeni.
    b. Garwane priyayi marang sing kakung.
    c. Priyayi marang sedulure tuwa kang luwih cendhek drajade.
    Tuladha:
    - Sampeyan niku manawi kesah dhateng kantor napa taksih kiyat mbekta
      sepedha motor mas?
    - Napa ndika saking desa ngriki mawon to mas?

4. Basa Krama Alus
    Wujude: Tetembungan krama (ater-ater lan panambang krama) 
    lan krama inggil (tumrap wong sing diajak guneman).
    Panganggone:
    a. Wong enom marang wong tuwa.
    b. Batur marang bendarane.
    c. Murid marang gurune.
    d. Andhahan marang pimpinane.
    e. Kanca karo kanca sing durung kulina.
    Tuladha:
    - Kula badhe matur dhateng ibu, bilih manawi saestu sowan dhateng
      eyang, kula badhe tumut.
    - Tindak-tandukipun kanca kula ingkang naminipun Edo punika lucu
      sanget.

No comments:

Post a Comment

Note: Only a member of this blog may post a comment.