Sunday, March 20, 2011

Blandong



Blandong, iku yen ing boso indonesia artine kamar mandi, Blandong iku kamar mandine wong ndeso, jaman mbiyen blandong iku panggone ono ing njobo omah, ora ono blandong sing nang njero omah, kamar mandine wong ndueso iki ora ono gendeng'e dadi nduwure blak-blak'an tanpo atap sing nutupi, duwure tembok biasane yo mung sak dodo kadang malah ora ono sak dodo.

Wektu iku aku ono ing nduwur andang, andang iku ondo sing digawe songko pring gunane kanggo menek naliko pasang boto ing bangunan. wayah iku hawane panas banget, naliko aku pasang boto ing nduwur andang, ora sengojo mataku ndeleng ngesor arah blandong, ujug-ujug hawane langsung mak nyessss... ono cewek lagi adus, udo ora klambenan, deskripsi lengkape disensor, sing jelas yen songko ngesor mungkin mung ketoro sak dodo menduwur, lha tapi yen songko nduwur ngene iki yo mesti ketoro sak sembarange to....

Kudune wong iku ngerti yen saben dino ono wong kerjo ing bangunan sebelah, tapi nyapo kok nekat awan-awan malah adus? sopo sing salah? sing ndelok? opo sing didelok?

Ahh...dianggep rejeki wae, lha wong aku yo ora sengojo lho...kardene nolak rejeki kan yo ora apik to...

Aku maleh eling dawuhe Kyai Segawon, "Jangan melihat seseorang itu hanya dari luarnya saja". Ternyata ini to hikmahnya, lumayan.....he he he....

No comments:

Post a Comment

Note: Only a member of this blog may post a comment.