Sutomo Madiun Spepat :
Pitakon :
Ingkang pundi ingkang manut unggah-ungguh ingkang leres:
“Mbah, kula badhe taken?"
"Mbah, kula badhe nyuwun priksa?"
Kamangka wonten tembung "mundhut priksa" tetiganipun sami-ngemu teges "takon"?
Wangsulan :
Ki Sastra Adiguna : "Mbah, kula badhe nyuwun priksa?"
Deha Abadinar :“Leee, kae lho Eyangmu arep mundhut presa kapan olehmu mangkat . . .
Sunarto Harjosuwarno : perkara sama saget dipun ekspersikan benten benten. punika keistimewaan basa. salam saking kakung
Sugeng Kariyodiharjo : Wonten tiyang, ketingalipun sampun sepuh sanget taken pundi margi dhateng Wanasalam.
Sigit Sugiyanto : Yen manut unggah-ungguh, kula sarujuk pamanggihipun @Ki Sastra Adiguna ( tuladha taken dhumateng ingkang langkung ingajenan) punapa dene pamanggihipun mas Deha Abadinar ( tuladha taken saking ingkang langkung ingajenan) . Dene tembung taken ( ngoko : takon) kaginakaken dening utawi dhumateng tiyang ingkang kaanggep sami drajatipun. Nuwun.
No comments:
Post a Comment
Note: Only a member of this blog may post a comment.