judul: Sidangmu dudu Sidangku
karya: dhalang poer
karya: dhalang poer
Kudune betah tirakat
Yo gene naliko rakyat melarat kowe malah nekat mupakat
Sopo sing ngongkon kowe rapat njaluk undakan gaji
Sopo sing ngongkon kowe njaluk mobil dines e kuwi
Sopo sing ngonkon kowe golek utangan luar negeri
Gumun meneh utang ora sudo ning kok malah ndadi….duwite nyang ndi
Agenda rapat digawe
Nyang-nyangan meneh isine
Kowe sing neng kono kowe sing neng kene
Rakyate among nyawang wae
Opo sing kok rembug ono sidang sing gede ragate
Antarane putusan lan rakyat raono sambunge
Isine mung ndum nduman kursi rebutan jatah wae
Rumangsaku kowe kok mung rebutan butuhmu dewe
Opo lali jaman pemilu
Kowe janji arep mikir aku
Nanging bareng wis oleh bangku, rakyat njerit kowe ora krungu
He, opo bisu…lho malah turu….lho malah nesu…huszz saru
(Sing perlu dipikir, lengo pye amrih mudun, listrik pye amprih murah, pendidikan murah…ora kok gaji diundakke, rapat dewe di dog dewe…eh…konkonane sopo?...angel, angel…)
Rapat rapatmu dudu rapatku
Pasal pasalmu dudu pasalku
Kursi kursimu biyen kursiku
Seneng senengmu sambat sebutku dhulur
Esem guyumu loro laparku
Sorak sorak mu jerit tangisku dhulur
Pestamu pestamu ngelak luweku
langsung lihat video nya di bawah gan:
No comments:
Post a Comment
Note: Only a member of this blog may post a comment.