PARIKAN
Parikaniku unèn-unèn kang dumadi saka rong ukara lan nduweni purwakanthi ab-ab. Ukara sepisanan ukara kanggo narik kawigatèn, kang kapindho minangka isi. Parikan iki kaya pantun nanging mung rong larik. Parikan migunaake purwakanthiswara.
Kang diarani parikan
Yaiku unèn-unèn mawa paugeran telung warna yaiku :
- kadadèn saka rong ukara kang dhapukaké nganggo purwakanthi guru swara
- saben saukara kadadean saka rong gatra
- ukara kapisan mung minangka purwaka; déné isi utawa wosé dumunung ing ukara kapindho.
Tuladha: Tawon madu, ngisep sekar. (ukara kapisan, 2 gatra). Calon Guru, kudu sabar (ukara kapindho, 2 gatra). Gunane purwaka (ukuran kapisan) mung dianggo narik kawigatené wong kang nedya sikandhani utawa dipituturi. Perluné, supaya ing sadurungé ukara kang isi utawa “wosé” dikandhakaké, wong sing nedya dikandhani wis ketarik atiné, satemah banjur nggatekaké, bisa ngerti temenan marang maksudé ukuran kang isi “ngese” (ukara kapindho).
Deko tiyang nggantheng Tapi kok homo?
Manu ( cacahing) wandane, parikan iku kena diperangi dadi telu, yaiku:
Parikan kang kadadéan saka (4 wanda + 4 Wanda) X 2
Tuladha
Iwak bandheng, durung wayu (4 wanda + 4 Wanda)Priya nggantheng, sugih ngelmu (4 wanda + 4 WandaTuku manggis, karo tapé ( 4 wanda + 4 wanda )Aku nangis, mikkir kowé ( 4 wanda + 4 wanda )Wèdang bubuk gula jawa ( 4 wanda + 4 wanda )Yèn kepethuk ati lega ( 4 wanda + 4 wanda )Parikan kang kadadean saka (4 wanda + 8 Wanda) X 2
Tuladha
Kembang adas, sumebar tengahing alas (4 wanda + 8 Wanda).Tuwas tiwas, nglabuhi wong ora waras. (4 wanda + 8 wanda).Parikan kang kadadean saka (8 wanda + 8 Wanda) X 2
Tuladha
Enting-enting gula jawa, sabungkus isine sangaIngatane para siswa, wajib seneng nggubah basa.Parikan sing kadadean saka (8 wanda + 8 wanda) X 2
Parikan sing kadadéan saka (8 wanda + 8 wanda) X 2, sawéneh ana sing ngarani parikan patang pada. Iku keliru, sebab tembung “pada” iku tumrap reriptan kanggone mung ana ing tembang. Déné yén tembung “pada” iku sing dikarepaké kudu mung ora ukara, siji-sijining ukura kadadéan saka 2 gatra: dadi kabéh ana 4 gatra Wondené carané nulis 4 gatra iku, kena baé didadékake 4 larik.
Tuladha kasebut kena katulis mangkene
Enting-enting gula jawaSabungkus isine sangaIngatase para siswaWajib seneng nggubah basaWetan kali kulon kali Arep nyabrang gak onok uwote Wetan gati kulon yo gati Yen ditimbang pada abote
Ali-ali temunpang kasur Aku lali pira regane Aja lali pahlawan sing jujur Ngelingana jasa2ne
Esuk nyuling sore nyuling Sulingane arek Suroboyo Esuk eling sore eling Sing di eling ora rumongsa
Parikan sing dianggo nggérongi lelagoning gendhing
Ing parikan iki dhapukaning ukara mesthi bae ora bisa tansah nglungguhi paungeran, sebab cacahing wandane kawengku ing laguning gendhing.
Tuladha
- Lelagon Parikan (Slendro Patet 9)
Cengkir Wungu, wungune ketiban daru (Dhu Ibu)Calon guru, kudu sabar momot mengku (Pm)Katrangan Perangan sing dikurung, yaiku (Dhu Ibu), iku wuwuhan, kanggo senggakan.
- Suwe Ora Jamu. Pelog Pathet 6
Suwe ora jamu, jamu godhong kencurSuwe ra ketemu, temu pisan maju mundur.Carane ngarang parikan
Sing dikarang luwih dhisik ukara kapindho, yaiku sing isi “ngese” utawa “Wose”. Ukarane kadedean saka 4 wanda + 4 Wanda, utawa 4 wanda + 8 wanda + 8 wanda.Sawise rampung pangarange ukara kapidho, banjur ngarang ukara kapisan, yaiku ukara kang mung dianggo purwaka. Kehing wandane pada karo ukara kapindho, lan dhapukane kudu mujudake purwakanthi guru swara karo ukara sing kapindho.
Klebu rerengganing basa
Parikan klebu rerengganing basa, sebab basa sing mawa parikan iku agawe senenge wong sing maca utawa sing ngrungokake. Guneman mawa parikan bosa njalari rame nengsemake.Gendhing digerongi nganggo sakepan kang mawa parikan, bisa marakake saya gayeng.
Tuladha parikan warna telu
Parikan (4 wanda + 4 wanda) X 2
Wajik Kletik, gula jawaLuwih becik, sing prasajaNang jeruk, jambu nanasRada watuk, ngelu panasWedang bubuk, tanpa gulaAja ngamuk, enggal tuwatuku belut karo iwak leleojo gelut karo bolo dheweTawon madu ngisep sekarDadi guru kudu sabar Kiwa tengen gawa jamuAku kangen pingin temuParikan (4 wanda + 8 wanda) X 2
Kembang aren, sumber tepining kalenAja dahwen, yen kowe pepengen kajenKembang kencur, ganda sedhep sandhing sumurKudu jujur, yen kowe kepengin luhurKembang menur, den sebar den awur-awurBareng makmur, banjur lali mring sadulur Manuk kutut, manggunge ngganterYen ra nurut, bisa keblingerParikan (8 wanda + 8 wanda) X 2
Gawe cao nangka sabrang, kurang setrup luwih banyuAja awatak gumampang, ingatase calon guruSega punar lawuh empal, segane pengenten anyarDadi murid aja nakal, kudu ulah ati sabarJangan kacang jangan kara, kaduk uyah kurang gulaPiwelingku mring muda, aja wedi ing rekasa.Purwakanthi parikan bisa digawe mawa petungan kang adhedhasar petungan wanda (suku kata).
4 wanda - 4 wanda
wajik klethik, gula jawaluwih becik wong prasajajemek-jemek gula jowoaja ngenyek padha kancamanuk emprit menclok pagerdadi murid kudu pinter4 wanda - 8 wanda
tawon madu, ngisep sari kembang jambuaja nesu yen dituduaaké luputmukembang menur, den sebar den awur-awurbareng makmur, banjur lali mring sedulurmanuk emprit, nggawa kawat ing wit warudadi murid, kudu hurmat marang guruana baya, mangan roti karo kancapengin mulya, aja wedi ing rekasa8 wanda - 8 wanda
kayu urip ora ngepang, ijo-ijo godhong jatiuwong urip ora gampang, mula padha ngati-ati http://jv.wikipedia.org/wiki/Parikan
No comments:
Post a Comment
Note: Only a member of this blog may post a comment.