Tembung lan peranganing Tembung
Tembungyaiku rerangkening swara kang kawedhar saka jroning tutuk kang ngemu teges lan dimangerteni surasane. Saben rerangken swara kang metu saka jroning tutuk tur ngemu teges, iku diarani tembung. Dene yen ana rerangken swara kang metu saka jroning tutuk tanpa mawa teges, rerangken swara iku ora kalebu tembung.
Tembung kaperang dadi:
- Tembung Lingga (Basa Indonesia: Kata dasar)
- Tembung Andhahan (Basa Indonesia: Kata jadian)
2. Miturut aktif utawa orané tembung Jawa kapérang dadi loro, yaiku :
- Tembung tanggap (Basa Indonesia: kata pasif)
- Tembung tanduk (Basa Indonesia: kata aktif)
3. Yèn disawang miturut wewangunané, Basa Jawakuwi ana maneka warna tembung, antawisé yaiku:
Miturut kelas tembung:
- Tembung kriya (Basa Indonésia: kata kerja utawa verba), tuladha: maca, nulis, mangan, nyapu
- Tembung aran (Basa Indonésia: kata benda utawa nomina), tuladha: méja, lemari, buku. Kaperang maneh dadi:
- Tembung sesulih (Basa Indonésia: kata ganti utawa pronomina), tuladha: aku, kula, kowé, panjenengan, iki, iku
- Tembung wilangan (Basa Indonésia: kata bilangan utawa numeralia), tuladha: setengah, papat, enem
- Tembung sipat/kaanan (Basa Indonésia: kata sifat utawa adjektiva), tuladha: seneng, susah, apik, putih
- Tembung katrangan (Basa Indonésia: kata keterangan utawa adverbia), tuladha: kulon, wétan, tengah, ngisor
Tembung tugas
- Tembung pangarep (Basa Indonésia: kata depan utawa preposisi), tuladha: ing, sing, saka, menyang
- Tembung panyambung (Basa Indonésia: kata sambung utawa konjungsi), tuladha: lan, sarta, wusana, mulané
- Tembung panguwuh (Basa Indonésia: kata seru utawa interjeksi), tuladha: ah. èh, adhuh, wah
- Tembung sandhangan (Basa Indonésia: kata sandang utawa artikel), tuladha: Sang, Raden, Hyang, Kyai
- Tembung partikel (Basa Indonésia: partikel), tuladha: -kah, -lah, -pun dan -tah
No comments:
Post a Comment
Note: Only a member of this blog may post a comment.