Negesi Tembung
Agung : gedhe
Agung banyune : akeh lan kebak
Priyagung : priyayi gedhe
Diugung : diuja
Panggung : papan pentas
Manggung dadi lakon : tansah dadi lakon
Kutut manggung : arane gendhing
Wayange dipanggung : wayang di jajar ana ing kelir
Banyu tuwa : banyu wantah
Banyu wulu : banyu kanggo wudhu
Banyu pahatan : banyu saringan
Tunggal banyu : tunggal guru
Iwak babat : perangane jerohan
Babat tanah Jawa : buku crita bab tanah Jawa
Babat alas : ngresiki alas kanggo desa
Olag raga : ngobahake awak supaya sehat
Olah perang : latihan perang
Olah-olah : gawe panganan
Diolah : digarap
Pecah : sigar
Pecah pamore : wiwit brai
Pecah nalare : mikir dhewe
Mecah wadi : ngandhakake wadi
Timbang : padha
Timbangan : bekakas kanggo meruhi bobot
Timbangen : pikiren
Tinimbang nganggur : alaning nganggur
No comments:
Post a Comment
Note: Only a member of this blog may post a comment.