1. Tembung Ancer-AncerTembung ancer-ancer yaiku sakabehing tembung kang nganggo nggandheng tembung siji lan tembung liyane ana sajroning ukara.
Tuladha:
- Yuni ndhek mau wis dieterake dening mbakyune.
- Bapak mireng kabar kaya ngono kuwi malah saka wong liya.
- Katuran nenggo sakedhap, bapak nembe dhateng wingking.
Tuladha tembung ancer-ancer liyane: ing, kanggo, wiwit, kadi, marang, tumrap, saking, lantaran, manut, mawa, amrih, kangge, supados, katur, nganti, kadya, kaya, sareng, mungguh, kanthi, supaya, katilan, kagem, ngenani.
2. Tembung PanggandhengTembung panggandheng yaiku sakabehing tembung kang kanggo nggandheng ukara siji lan ukara liyane ana ing ukara rangkep utawa majemuk.
Tuladha:
- Bubar mangan mau Sinta nuli mbantu ibune.
- Kowe apa aku sing ditimbali pakdhe mau, mbak?
Tuladha tembung panggandheng liyane: sawise, awit, sarta, mula, yen, rikala, mangka, terus, nalika, janji, nadyan, sebab, tanpa, tekan, ben, sawise, supaya, sadurunge, saupama, jalaran, lan, tinimbang, murih, kanthi, sawalike, banjur, klawan, satemene, nganti, lajeng, lsp.
3. Tembung KatranganYaiku tembung kang aweh katrangan marang tembung liyane. Tembung iku kang dadi katrangane panggonan, katrangane wayah, katrangane sebab, katrangane piranti, katrangane cacah, katrangane akibat, katrangane ubaya, katrangane tujuan.
Tuladha:
- Katrangan panggonan :
- Aku mbeteti iwak ana ing kali
- Katrangan wayah, wektu :
- Saben sore adhik ngelebokake pitik kate
- Katrangan sebab :
- Aku saiki watuk amarga mangan salak enom
- Katrangan piranti :
- Aku ndhudhuki sega nganggo centong
- Katrangan cacah :
- Asri methiki bayem limang unting
- Katrangan akibat :
- Rofi mangan sengkulun mulur mula wetenge mules
- Katrangan ubaya :
- Kangmas ditumbasake pit motor menawa wis wisudha
- Katrangan tujuan (pangajab) :
- Aku sregep sinau supaya aku dadi bocah kang migunani
Gladhen
Ukara ing ngisor iki kalebu katrangan apa ?
- Klambine dikumbai supaya resik.
- Isni mangan mie nganggo garpu.
- Bapak tumbas bebek patang jodho.
- Aku ora mlebu sekolah amarga lara.
- Saben bengi adhiku ngaji neng mesjid.
4.
Tembung tetengerTembung tetenger yaiku sakabehing tembung kang dienggo nyandhangi tembung aran, panganggone ana ing sangarepe tembung aran lan ora ana teges apa-apa. Tembung tetenger umpamane: si, sang, para, pun, ponang.
Panganggone ukara ing ngisor iki:
- Ponang jabang bayi tuhu pekik ing warni.
- Para punggawa padha cancut tali wanda.
- Sang prabu nembe duka.
- Si suta kae pancen sregep.
No comments:
Post a Comment
Note: Only a member of this blog may post a comment.