Aku celathu marang tangga teparo sing bareng-bareng melu nonton gumun lan melu seneng merga gratis, "Lha, lak ora ana bedané toh, tahun lawas karo tahun anyar?! Ning merga 'kesepakatan' menawa saiki tahune wus ganti, ya melu seneng ngriyayaaké. Pangajabé, muga-muga tahun anyar iki anganthi semangat urip sing anyar lan luwih apik."
SUGENG WARSA ÉNGGAL 2010!
Sawetara nonton kembang api, aku nyambi ngonvèrsi kasèt uyon-uyon dadi MP3. Bareng rampung, dak edhit supaya luwih alus, trus dak unggahake supaya bisa diwarataaké marang para kadang sing ngersaaké. Mula iki dak aturaké koleksiné Nyi Tjondrolukito, Palaran Wolak-walik, karawitan Ngèsthi Budoyo pimpinané Ki Tjondrolukito. Muga-muga migunani. [skd]01 - Ayak-ayakan playon kalajengaken Palaran Dhandhanggula Sl 9.mp3
02 - Gendhing Jatiningsih dhawah Ladrang Jatiningsih - playon Sirep Palaran Dhandhanggula Kanyut Pl Bem.mp3
No comments:
Post a Comment
Note: Only a member of this blog may post a comment.