sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Yen sira kasinungan ngelmu kang marakake akeh wong seneng, aja sira malah rumangsa pinter, jalaran menawa Gusti mundhut bali ngelmu kang marakake sira kaloka iku, sira uga banjur kaya wong sejene, malah bisa aji godhong jati aking.(Bila anda mendapat anugrah ilmu yang membuat banyak orang senang, janganlah kamu merasa pintar, sebab apabila Tuhan mengambil lagi ilmu yang menyebabkan anda terkenal itu, anda akan menjadi orang biasa lagi, malah lebih bermanfaat daun yang kering)
Monday, January 16, 2012
Sêndhon Langênswara, Pigeaud, 1953, #1429
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Sêndhon Langênswara
Bawa
I. Citramêngêng
1. Risang Maha Yêkti | sawusing sêmadi | munggwing pacrabakan | dangu aningali | wijiling sasôngka | saking graning ardi | karênan tyasira | alon angandika ||Katampèn ing gêndhing
I. Langên-gita
1. siswa prasamya langên ing jaba | padhang bulan ri sêdhêngirèng purnama | iku yogya mangenggar-enggaring driya ||--- 4 : 150 ---
2. wonya sarana mangidung samya | mastawaa marang Hyang kang Maha Nasa | jroning suka tunaa ing dukacipta ||3. ngripta taman sajroning asrama | winursita guna warnaning kang puspa | aranira kadi ta ingkang winahya ||
4. andong tinandur têpining gêdhong | argulo bang lumembang pagêr balumbang | kêmbang anggrèk rumambat angêmpèk-êmpèk ||
5. noja kêmbang pasrèn tanpa gônda | kêmbang nala kacika saru kang warna | nagasari winor borèh lawan jampi ||
6. cènggèr abang mêngês mèngèr-mèngèr | kêmbang clakêt pinêthik nalutuh plikêt | mbang cêpaka kuning seta mawa gônda ||
7. rukêm rinanggèh runtuh satêkêm | ragaina wungu ambune tan ana | mbang rêjasa pinggir wungu têngah pita ||
8. kalak kanikir kalingan klurak | kanigara kêmuning kapit kênanga |
--- 4 : 151 ---
kalilika karakêt kasatan toya ||9. dlima tinandur ngubêngi wisma | kêmbang dangan marambat nèng anjang-anjang | kêmbang dilêm gandane mulêk mring dalêm ||
10. tluki tinandur têpining bèji | tunjung trate kumambang satêngahing we | kêmbang tlutur tumuntur nèng pinggir batur ||
11. sruni sumrik rume maratani | kêmbang sungsang endah warnane sinarang | sumarsana warna adi tanpa gônda ||
12. soka abang kuning ingkang warna | mbang sri gadhing mêgar ngambar bangun enjing | sang sulastri warna putih ngrajapèni ||
13. wungu warna bagus tanpa ambu | mung warsiki kongas gônda warna adi | wora-wari abang rumpuk seje warni ||
14. landêp kuning sungsune nyalêndêp | lara wudhu wadhèh wadhag tampa[1] ambu | lara kêndhat isthane kalungkên dharat ||
15. pudhak kongas gandane yèn cêdhak |
--- 4 : 152 ---
kêmbang purba nagara manut ing surya | pônca suda pindha gambir kaot seta ||16. dhawe lir mayang datanpa gawe | kêmbang dhadhap abang mêkare sakêdhap | kêmbang dhuwêt rinujak rasane sêpêt ||
17. janti irêng mêngês mêrak ati | kêmbang jagung sarine kanggo wong agung | wit jêlamprang godhong wungu kêmbang abang ||
18. mlathi sumumping nèng athi-athi | kêmbang mênur sumêbar satêngah kasur | môndhakaki godhonge kinarya jampi ||
19. gambir lir gambar sumêbar pinggir | kêmbang gadhung manggone kinarya gêlung | gôndapura gandane kinarya lênga ||
20. bangah tan pantês tinandur ngomah | kêmbang bolu asrine lamun dinulu | kêmbang bakung dadi rêngganing mangun kung ||
--- 4 : 153 ---
Bawa
II. Kumudasmara
1. sang widayakèng praja | ing utara gita nama | sira mandana rêna | sung wasita ring pra siswa | gwalaksitaning jana | ta ngayu têkwan tangdurta | tinrap nèng pralampita | kêmbang kinarya upama ||Katampèn ing gêndhing
II. Walagita
1. kêmbang adas sêdhêp gandanira kongas | iku radèn yèn janmaa | sarana kanggo ing karya ||2. kêmbang nôngka liya rinujak tan ana | iku radèn yèn janmaa | ngadoni karya candhala ||
3. kêmbang cêngkèh gônda arum warna rèmèh |
--- 4 : 154 ---
iku radèn yèn janmaa | tan nyana ngêntasi karya ||4. kêmbang crême nora tamtu kanggo gawe | iku radèn yèn janmaa | nora butuhakên praja ||
5. kêmbang rawe gung sinarang panggonane | iku radèn yèn janmaa | durjana pangawak wisa ||
6. kêmbang krandhang warna wungu wismèng jurang | iku radèn yèn janmaa | tan komram wêdi ing karya ||
7. mbang kasturi warna bagus gônda wangi | iku radèn yèn janmaa | linulutan ing sêsama ||
8. kêmbang druju darêjêg datanpa ambu | iku radèn yèn janmaa | digsura sugih durgama ||
9. kêmbang tongkèng gônda arum nora ngèdhèng | iku radèn yèn janmaa | pasaja tur ingupaya ||
--- 4 : 155 ---
10. kêmbang sana gônda arum wismèng wana | iku radèn yèn janmaa | miguna lumuh nèng praja ||11. kêmbang waru asri mêgare tan dangu | iku radèn yèn janmaa | sêsongaran datan lana ||
12. kêmbang lampês nora endah nanging lêmês | iku radèn yèn janmaa | namung asring pinilala ||
13. kêmbang pulu warna bagus tanpa ambu | iku radèn yèn janmaa | kanggo nanging nora lana ||
14. kêmbang dhuru nèng dhadhah datanpa ambu | iku radèn yèn janmaa | ngrikuhi datanpa karya ||
15. kêmbang jêruk sumrik gandane tumanduk | iku radèn yèn janmaa | bisa wèh rênaning driya ||
16. kêmbang nyamplung rigole asring kacêmplung | iku radèn yèn janmaa |
--- 4 : 156 ---
numpal kèli uripira ||17. kêmbang maja gônda arum adoh praja | iku radèn yèn janmaa | tangèh lamun winicara ||
18. kêmbang gayam tan pisan dèn ayam-ayam | iku radèn yèn janmaa | wusana kanggo ing karya ||
19. kêmbang bayêm warna kuning sêmu ayêm | iku radèn yèn janmaa | labuh labêt saking trêsna ||
Bawa
III. Pamularsih
1. nihan siswa umatur | marang Risang Maha Yogi | Sang Wipra kadiparan | karsaning Hyang Udipati | yogya saliring warna | kang gumêlar anèng bumi |--- 4 : 157 ---
mugi ulun têdahna | tandya sang wiku anjarwi ||Katampèn ing gêndhing
III. Rajaswala
1. surya côndra daru kartika samya | amadhangi jagad traya wimbuh | wèh martana sakèhing dumadi ||2. mega kuwung teja wangkawa samya | angrênggani ngantariksa mawèh | sukèng driya sakèhing dumadi ||
3. brama tirta myang bayu bajra samya | angobahkên sabuwana bisa | wèh martana bisa gawe curna ||
4. tasik arga myang wanawasa môngka | sasananing buron samya dadya | upajiwa sakèhing dumadi ||
--- 4 : 158 ---
Bawa
IV. Kusumastuti
1. dhuh kulup putraningsun | sirèku wus wanci | pisah lan jênêng ingwang | ywa kulinèng ardi | bêcik sira nèng praja | suwitêng narpati | amung ta wêkas ingwang | ywa pêgat têtèki ||Katampèn ing gêndhing
IV. Sitamardawa
1. sang katang apindha rayung hèh robaya | Patih Sri Surya Buwana pantèn | mupung mudha pruitoa ||2. sambêr lilèn sabèng ranu hèh robaya | gêlar sata pôncakara pantèn | ingkang bisa ulah praja ||
3. Raja Putra Nglesanpura hèh robaya |
--- 4 : 159 ---
toya kandhêg winisaya pantèn | ingkang sêtya ambêg arja ||4. parabe Sang Dwijawara hèh robaya | têpi wastra rinumpaka pantèn | iku padha dèn upaya ||
5. gribig gêng kang munggwing ranu hèh robaya | tanaya Pandhita Druna pantèn | pirabara yèn utama ||
6. nungkara datanpa sastra hèh robaya | parabe Sang Dananjaya pantèn | ra-orane kang samadya ||
7. êmpu adi Majalêngka hèh robaya | surya lumêbèng ancala pantèn | kang supaya sumurupa ||
8. pandaya pangulah kisma hèh robaya | dene rêgêding pawaka pantèn | laku-lakuning ngawula ||
--- 4 : 160 ---
Bawa
V. Mintajiwa
1. larasing rèh sang nahên kung | ing dyah tan kapadhaning sih | kasangsaya ing turida | rudatine angranuhi | ngrancaka têmah wigêna | ginupita ing saari | rinipta pama puspita | pantês patrape kang warni ||Katampèn ing gêndhing
V. Puspawarna
1. kêmbang kêncur kacaryan anggung cinatur | sèdhêt kang sarira | gandês ing wiraga | kèwês yèn ngandika | angênganyut jiwa ||2. kêmbang blimbing pinêthik bali ing têmbing | maya-maya sira |
--- 4 : 161 ---
wong pindha musthika | ratuning kusuma | pathining wanodya ||3. kêmbang durèn sinawang sinambi lèrèn | dalongop kang warna | sumèh sêmunira | luwês pamicara | angêngayuh driya ||
4. kêmbang arèn tumangkul anèng pang durèn | sadangune kula | mulat ing paduka | anganggit puspita | têmahan wiyoga ||
5. kêmbang gêdhang manglung maripit balumbang | patute wong ika | têdhak ing ngawirya | sêmune jatmika | solahe pasaja ||
6. kêmbang jati sinêbar ngubêngi panti | anjangglêng kawula |
--- 4 : 162 ---
ngêntosi paduka | sèwu datan nyana | lamun nimbangana ||7. kêmbang jambe mêgar ngambar wayah sore | kamayangan kula | tamuan paduka | pangajaping karsa | paringa nugraha ||
8. kêmbang kapas pinêpês anggung pinapas | kapidêrêng kula | kêdah ngèstupada | cumadhanging karsa | badhe tan lênggana ||
9. kêmbang pandhan mawur sumêbar nèng jogan | tumêdhak paduka | ing panggenan kula | sampun wancakdriya | kawula srah jiwa ||
--- 4 : 163 ---
Bawa
VI. Palugon
1. palugon laguning lêkas | lukita linuting kidung | kadung kadêrêng amomong | mêmangun manah rahayu | aywana kang tan agolong | gumulung manadukara | karananira mangapus | puspita wangsalan sêmon ||Katampèn ing gêndhing
VI. Puspanjala
1. kêmbang nipah sumêbar têngahing sawah | dongong bae ing pacake | kêdhèp têsmak pamandênge | pratôndha gêdhe melike | kakang Janaraga ||2. kêmbang salak sinêbar anèng bêbulak | kathêkêran pangarahe |
--- 4 : 164 ---
nora bisa pratikêle | wêkasan kaku atine | kakang Janaraga ||3. pupus têbu dèn udut kukuse mambu | glêgas-glêgês pangrimuke | kadhêkêsan palungguhe | watak tan sabar karêpe | kakang Janaraga ||
4. kêmbang suruh balasah saengga uwuh | drengas-drèngès pangucape | nora tajêm polatane | tôndha kawêlèh akale | kakang Janaraga ||
5. pupus puyang rinajang dadi sadhulang | ngirih-irih panyêdhake | têka lêmês wicarane | wêkasan luntur asihe | kakang Janaraga ||
6. godhong mlinjo kinêla lali mring bojo | ngoso-oso tênagane |
--- 4 : 165 ---
jêlah-jêlèh pangucape | pratôndha mèri marune | kakang Janaraga ||7. êbung laos ginudhang ginawe caos | gêdrag-gêdrug tênagane | bêning lêri polatane | pratôndha ngontor atine | kakang Janaraga ||
8. kêmbang jêring pinêthik ambune manjing | angacuwis mring tanggane | ngandhakake ing wadine | labêtan kanggo lakine | kakang Janaraga ||
9. kêmbang pête sinambung rinante-rante | kongsi pêndul panangise | nora nana kang anggape | labêt kinèwèr bojone | kakang Janaraga ||
10. kêmbang lumbu lumembak katut ing banyu | cancalane kèh gawene |
--- 4 : 166 ---
nora kobêr paturane | lugune saking kêsède | kakang Janaraga ||11. kêmbang krambil pinènèk papane rumpil | têgar bae sêngadine | nora ngowêl mring jarane | batine ana êsire | kakang Janaraga ||
12. êbung kunci rinajang anggung pinrinci | boros bae tênagane | nora urup panggolèke | wêkasan susah atine | kakang Janaraga ||
13. trubus gêdhang tinandur dadi saluwang | mokal-mokal ing kandhane | lumuh kasor ing padune | pratôndha cupêt kawruhe | kakang Janaraga ||
--- 4 : 167 ---
Bawa
VII. Pranasmara
1. nèng Karangdhêmpêl lêledhang | Kyai Lurah Sêmarsma pranakane | miyat kêbon-kêbon têgalan alèrèn | sami ngundhuh tarupala | suka sindhèn sêsêndhonan | sarwyanjogèd gênti-gênti ||Katampèn ing gêndhing
VII. Tarupala
1. pêlêm-pêlêm kang ginunêm | ginita ginawe langên | baku bala madu gônda | katon cêcangkokanira | lir podhang ingkang busana | golèkana sira-sira duwa | kapopoh wani toh jiwa ||2. jêruk-jêruk kinalumpuk | kinarya langên pakantuk |
--- 4 : 168 ---
bali butun ing krangean | ngundhuh katès dulu macan | ngoprok anèng paleteran | ginulungan murut-murut mêksa | kinuwik rinanjam ngasta ||3. jambu-jambu kang kalêbu | labaning panglipur kalbu | wungu Radên Sudarsana | kapok nitih kluthukira | mathokal ngrikil kang marga | klumut toya putih-putih pindha | arum lir lêgèn kalapa ||
4. kacang-kacang kang kinuncang | kinarya langên kinarang | ngigêl Kyai Ôngganala | sondhèr cindhe ijo dawa | ngalèwèr ngèndhèl lir Cina | gleyor tiba wungu-wungu kêna | tunggak ruji kucu wrêksa ||
5. kara-kara winicara |
--- 4 : 169 ---
winarah winor ukara | mantri bêton kang gajihan | mas kapriandong lumutan | nunggang wêdhus ingebegan | loking jana nguncis-nguncis kadya | lutung irêng tanpa netya ||Bawa
VIII. Pangajapsih
1. singaranu panusuling magut pupuh | baya tan bantu ing branti | kawi sêkar srana pambengkasing rapuh | mung kusuma bisa wèh usada wuyung | ciptèng driya andhêging ukara kidung | sêdya kula ngèstupada | sarpa krêsna puspa jurit | mung andika masku | kang sung barubah ing galih ||--- 4 : 170 ---
Katampèn ing gêndhing
VIII. Puspagiwang
1. parabe Sang Marabangun | sêpat dômba kali oya | aja dolan lan wong priya | gêramèh nora pasaja ||2. garwa Sang Sindura Prabu | wicara mawa karana | aja dolan lan wanita | tan nyata asring katarka ||
3. sêmbung langu munggwing gunung | kunir wisma kêmbang rêta | aja gugu ujarira | wong lanang sok asring cidra ||
4. gêntha gêng kang munggwèng panggung | jawata pindha Arjuna | jaman mêngko kawruhana | wong wadon kèh ngamandaka ||
5. kramane sawolèng[2] kayun |
--- 4 : 171 ---
ayam kuncung sabèng wana | padune cuwa ing karsa | wuwuse tan mêrak driya ||6. buratpada brakutut gung | sujanma misayèng mina | bok iku dèn langgatana | dhokohe asor wong jala ||
7. gatrane kang kêmbang randhu | wogan alit tumbal wisma | kêmaruk nêkani karsa | tan kêna mèngèng sadhela ||
Bawa
IX. Kinanthi
1. Atagopa klênthang-klênthung | mring sawah anyangking kudhi | angendhangi rowangira | kang samya anambut kardi | sigra wau ingundangan |--- 4 : 172 ---
tinanya sawiji-wiji ||Katampèn ing gêndhing
IX. Lêbdasari
1. amo[3] tani among tani | cacahêna wohing dami | pira kèhe lan jênênge | sun arsa miyarsakake | pari sokanandi | tambakmênur lan cêndhani | papah arên mênthik wangi | jaka bonglot pêndhok wêsi | dhudha ngasag dhudha ngasag | dulu rôndha mèntèr-mèntèr ||2. among kisma among kisma | gêdhangira cacahêna | pira kèhe lan jênênge | sun arsa miyarsakake | raja sèwu nagri | mara seba mring Bêtawi |
--- 4 : 173 ---
ambon kusta lan bêcici | asri wulan raja wlingi | tan graita tan graita | byar midak pasaban cêmpa ||3. among kisma among kisma | tela pêndhêm cacahêna | pira kèhe lan jênênge | sun arsa miyarsakake | kênthang balerante | gêndhurak lawan sênggani | sêmbawa lan kunir konyit | mênèt mênthik blitung putih | Ki Jasêtra Ki Jasêtra | nunggang jaran klambi jingga ||
4. among kisma among kisma | talêsira cacahêna | pirang rupa lan namanya | ingsun arsa sumurupa | kimpul dhêmpêl wangi | bêton centhang senthe linjik |
--- 4 : 174 ---
lêmpuyangan talês pari | jambon bêntul bêrèt grigit | gagak gêlo gagak gêlo | mring laosan gondhol tômbra ||5. uwong desa uwong desa | pala pêndhêm cacahêna | pirang rupa lan namanya | ingsun arsa sumurupa | uwi bêras lêgi | abang kulit lan sênggani | ula alas mêmayangi | wilus cicing madha warni | rondhas luku rondhas luku | glêpung kêtan kunir têmu ||
6. uwong desa uwong desa | dêlingira cacahêna | pirang rupa lan namanya | ingsun arsa sumurupa | êpring pêtung-pêting | rampal ori ampèl gadhing |
--- 4 : 175 ---
wulung gêsing lan pring lêgi | gêndani tutul cêndhani | uwong Jawa uwong Jawa | nyêkêl apus nyangklak[4] kuda ||7. tuwa buru tuwa buru | cacahêna dhangkèl êmpu | pira kèhe lan jênênge | sun arsa miyarsakake | têmu glènyèh lathi | irêng lawak êpoh giring | bêngle jahe kunir kunci | puyang gajah kapur êmprit | sunthi kêncur sunthi kêncur | pinêpêt anèng laosan ||
Sêkar Sarigadhing
1. kêmang-kêmung bêndhe cilik ngalun-alun | ra dede bêndhe cilik | ra dede bêndhe cilik |--- 4 : 176 ---
bêndhene paman juragan | tak petangane jêngglèng | tak petangane jêngglèng | wong ika sapa jodhone ||Dhawah Ladrang Manis Widara Kuning Pathêt Barang
1. garwa sarpa raja putra ing Madura | kang ginita kèn priya anandhang brônta ||2. mugut pala rawining kang ringgit purwa | kang pinêthik lakone Jaka Pramana ||
3. kawi jiwa baladan kang têmbung Jawa | atmajendra ing Pagêlèn prajanira ||
4. jarwa roga palabuhan nuswa Jawa | lawan rara kumênyar putri Japara ||
5. kayu rêngka jalak gêng kang pilis pita | jalarane saking menco wèh wiyoga ||
6. trah ngawirya wardining kang pulas carma | Radèn Jaka Pramana ingkang winarna ||
7. ngular dhustha sadpada lit talèng kisma |
--- 4 : 177 ---
ingkang kêna sambang tuturing kukila ||8. perak tulya naga putra widayaka | têmah linglung kalênglêngan lara brônta ||
9. saji siswa arane basa nawala | nadyan lamong nyalêmong tanpa ukara ||
10. rubèng garwa dhustha wèri jaladara | kaya ngapa kang gawe lara wiyoga ||
11. tanu gangga narmada nir tirtanira | mendah baya ing benjang yèn kasat mata ||
12. kèn ing Daha kukila kulêm sabawa | kiraningsun dasih ta datan sarônta ||
13. glagah pita pandaya mardi sarkara | ingsun pondhong kusuma mring pagulingan ||
14. guwa tirta puja pangruwating wisa | aja rongèh gusti bok mênawa tiba ||
15. barang lama pabangun atêping wisma | eman-eman wong ayu kalamun lara ||
16. iring muka watang wadung winursita | sun pêpinta aja wangkal marang priya ||
17. ngluri marga pusara takiring wisma |
--- 4 : 178 ---
anuruta ra-orane nêmu siya ||18. laji jiwa sotya rêta ing kalpika | asarea mirah sun bantali asta ||
19. têpus rêta dhandhan lit panggusah sata | sun dongèngkên uthak-uthak ugêl sira ||
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Labels:
Karawitan
Subscribe to:
Post Comments (Atom)
No comments:
Post a Comment
Note: Only a member of this blog may post a comment.