Sunday, December 26, 2010

Ukara Andharan

Ukara andharan (ukara citra) yaitu ukara kang ngandharake sawijining kedadeyan utawa prekara marang wong sing diajak guneman, bab sing digunem upamane: nyritakake bab-bab kang mentas, dirungu, diwaca, dideleng, rinasa, menehi wawasan, pitutur, nirokake gunem lan liya-liyane.
Tuladha:
- Wis bola-bali papan kene iki nibakake uwong banjur glundhung ing kalen.
- Jawa Tengah bagian kulon kuwi anggere mangsa udan akeh lemah sing longsor.
- Nalika kene iki isih awujud alas pancen gawat wingit angker kepati.
- Sedane Gathutkaca ketaman Kuntha Wijayadanu dhawuh ngenani kretane Prabu
  Karna.
- Penandhange para kawula saiki ora mendha nanging malah saya andadra.

No comments:

Post a Comment

Note: Only a member of this blog may post a comment.