Ukara pitakon yaiku ukara kang surasane njaluk katrangan marang wong liya, amarga kepingin mangerteni apa kang durung diweruhi. Ukara iki biasane diwiwiti nganggo tembung sesulih pinangka pitakon, lan dipungkasi ngganggo tandha pitakon (?). Tembung sesulih pinangka pitakon sing baku ana warna papat, yaiku: apa, sapa, kepriye, kapan.
Tuladha:
- Apa sebabe panjenengan ora sida sowan simbah, Mbak?
- Panjenengan mundhut menda punika samangke reginipun pinten, Pak?
- Kapan panjenengan olehe tindak menyang Solo?
- Kepriye kabare kanca-kanca saiki, Tin?
- Kepala sekolah nggonmu apa wis ganti maneh ta, Wan?
No comments:
Post a Comment
Note: Only a member of this blog may post a comment.