Sunday, December 26, 2010

Ukara Pakon (agnya)

Ukara pakon yaiku ukara kang surasane mrentah marang wong liya, supaya nindakake pagawean kaya karepe sing ngakon. Ukara iki dipungkasi nganggo tandha prentah utawa pakon (!).
Tuladha:
- Supaya aman, dhuwitmu kuwi simpenen bae ana bank!
- Bebekmu kuwi kandhangen bae, supaya ora dipangan asu!
- Awakmu kuwi lara, mula saiki tambakna dhisik bae, Dhik!
- Supaya aman, ndhelika ana guwa iki bae, Mas!
- Simbahmu iki wis tuwa, mula kowe kudu sing gemati!

No comments:

Post a Comment

Note: Only a member of this blog may post a comment.