sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Yen sira kasinungan ngelmu kang marakake akeh wong seneng, aja sira malah rumangsa pinter, jalaran menawa Gusti mundhut bali ngelmu kang marakake sira kaloka iku, sira uga banjur kaya wong sejene, malah bisa aji godhong jati aking.(Bila anda mendapat anugrah ilmu yang membuat banyak orang senang, janganlah kamu merasa pintar, sebab apabila Tuhan mengambil lagi ilmu yang menyebabkan anda terkenal itu, anda akan menjadi orang biasa lagi, malah lebih bermanfaat daun yang kering)
Tuesday, January 10, 2012
Tuladha Panampi Pahargyan Midodareni
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Mahardikeng tyas ring kamardikan nugraha miwah sih wilasanipun gusti ingkang maha agung mugi anggung sumandha wonten ing jiwangga kita sawegung waradin sagung dumadi, raharja, niskala satuhu.
Tumrap para kadhang muslimin, muslimat, asalamualaikum Wr. Wb.
Minangka talangbasanipun bapak WISNU WARDANA sekaliyan keparenga kula pun WAHYU HASTANTO ngempil kamardikan para rawuh saperlu ananggapi pangandikan bapak WISNU WARDANA sekaliyan ingkang lumantar bapak ZAENURI
Trajuning sih saking bapak WISNU WARDANA sekaliyan ingkang sampun rawuh Ing ngriki satuhu adamel bombong sarta mongkokipun bapak ABDUL NGOFUR sekaliyan.
Ingkang punika lumantar kula bapak ABDUL NGOFUR sekaliyan ngaturaken panuwun ingkang tanpa pepindhan.
Salajengipun ugi sampun kula tampi salam taklim saking bapak WISNU WARDANA sekaliyan tumunten badhe kula aturaken dhumateng bapak ABDUL NGOFUR sekaliyan
Bapak ZAENURI ingkang minulyeng budhi rawuh panjenengan ingkang sampun anganthi calon pengatin priya pun dimas bagus HERU PRASETYA .adamel suka gembira manahipun bapak WISNU WARDANA sekaliyan pramila kanthi raos bombong katampi pasrahipun calon penganten priya.
Ugi ngaturaken panuwun igkang tanpa upami tumrap sedaya sih peparingipun mugi hamimbuhi manunggaling tekad badhe sesarengan ngumpulaken balung apiah lumantar bebesanan. Salajengipun dhumateng bapak ZAENURI sakadang sumangga panjenengan sedaya kula dhereaken lelenggahan sinambi paring pangestu mugi calon pengatin anggenipun badhe nglampahi daup silakrama benjang enjang tansah pinaringan wilujeng nir ing sambekala.
Mekaten atur kula hambok bilih wonten atur kula ingkang kirang mranani penggalih panjenengan kula nyuwun lumunturing sih samudra pangaksami.
Wasalamualaikum wr.wb.
Gambar saking: http://www.google.co.id/imgres?q=pranatacara+jawa&um=1&hl=id&client=firefox-a&sa=N&rls=org.mozilla:en-US:official&biw=1366&bih=652&tbm=isch&tbnid=Mh4Zaspc7jwOFM:&imgrefurl=http://penerbitpinus.com/produk-230-.html&docid=E96VZooCOQ00tM&imgurl=http://penerbitpinus.com/foto_produk/92PRANATA%252520CARA.jpg&w=419&h=627&ei=LKcLT_mpH4OurAfmmrWUBA&zoom=1
Karacik dening Bapa alm. Trontong Sadewa, SH.(Dosen MK Berbicara, PBSJ Unnes)
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Labels:
Pidato Bahasa Jawa (Sesorah)
Subscribe to:
Post Comments (Atom)

No comments:
Post a Comment
Note: Only a member of this blog may post a comment.