sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Yen sira kasinungan ngelmu kang marakake akeh wong seneng, aja sira malah rumangsa pinter, jalaran menawa Gusti mundhut bali ngelmu kang marakake sira kaloka iku, sira uga banjur kaya wong sejene, malah bisa aji godhong jati aking.(Bila anda mendapat anugrah ilmu yang membuat banyak orang senang, janganlah kamu merasa pintar, sebab apabila Tuhan mengambil lagi ilmu yang menyebabkan anda terkenal itu, anda akan menjadi orang biasa lagi, malah lebih bermanfaat daun yang kering)
Showing posts with label Batang. Show all posts

Monday, May 23, 2011
ASAL MULA DHESA LAN KALI KRAMAT ING TLATAH BATANG
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Rikala dhisik Sultan Agung ngutus putrane Jaka Bahu kanggo babat alas roban. Jaka Bahu akhire tumindak marang apa kang wis di utusake Sultan Agung kuwi mau. Amarga ana sing ngganggu Jaka Bahu kang lagi babat alas Roban, banjur Jaka Bahu nglakoni tapa, kanggo ngerteni apa sebabe kuwi mau. Jaka Bahu ngerti yen kang ganggu iku mau bangsaning lelembut kang dipimpin Dadungawuk. Banjur kedaden perang antarane Jaka Bahu lan Dadungawuk lan prjurite.
Dadungawuk bisa dikalahake dene Jaka Bahu lan janji ora bakal ngganggu Jaka Bahu lan prajurite Jaka Bahu. Banjur babat alas kuwi mau dadi lancar.
Jaka Bahu banjur nerusake babat alas roban menyang arah kulon nganti teka ing kali gedhe yaiku kali Kramat. Jaka Bahu kepikiran gawe bendhungan ing kali Kramat, amarga arep digawe sawah. Jaka Bahu tandhang gawe bendhungan. Ananing banyu kang mili durung mesti, kadhang cilik uga ora Jaka Bahu ngerteni banyu kang mili iku gedhe lan ndadekaken bendhungan kuwi jebol.
Jaka Bahu goleki penyebabe kuwi mau. Pranyata kang ndadekaken bendhungan kuwi jebol, yaiku ana watang prahu gedhe kang nglintangi bendhungan. Prajurite Jaka Bahu ora ana sing bisa nyingkirake watang prahu kuwi mau. Bajur Jaka Bahu nglakoni tapa ing pinggiring kali kuwi mau kanggo ngentuki tenaga supaya bisa mindahake prahu. Wektu iku malem jumat kliwon. Jaka Bahu anggone tapa iku mau dilakoni kanthi sregep, lan ora dingerteni, wayah fajar Jaka Bahu ngentuki tenaga utawa kramat kang dikarepake. Sakwise Jaka Bahu entuk keramat kuwi mau, banjur Jaka Bahu budhal menyang watang prahu kang nglintangi bendhungan. Watang prahu sing maune gedhe katon cilik dene Jaka Bahu. Jaka Bahu nekuk watang prahu mau kanthi tugel.
Kanthi watang mau tugel dene Jaka Bahu, bendhungan mau dadi lancar maneh. Ananing bebayan dudu mung siji kuwi mau. Bendhungan kang wis dadi kuwi mau jebol maneh. Jaka Bahu ora nyerah kanggo goleki apa sebabe kuwi mau jebol. Lan kasile tapa mau, Jaka Bahu ngerteni menawa ana gapura ing jero kedung. Kang duweni kedung iku yaiku bangsaning lelembut kang wujude ula. Bangsaning lelembut mau uga kang ngrusak bendhungan. Kerajaan lelembut kuwi dipimpin dene Kala Drubiksa. Jaka Bahu banjur ora terima, pagaweyane diganggu dene Kala Drubiksa lan prajurite. Jaka Bahu tandhang, ngamuk ing istanane Kala Drubiksa. Prajurite Kala Drubiksa akeh sing mati.
Kala Drubiksa ora trima. Ora nganggo mikir suwe Kala Drubiksa banjur tandhang dewe metu nggoleki lan ngadhepi Jaka Bahu. Jaka Bahu kang lagi ngamuk disruduk dene Kala Drubiksa, Jaka Bahu dicokot lan digubet kuwat dene Kala Drubiksa.
Ora kalah pokal kanthi tenaga kang kari sithik, Jaka Bahu bisa ucul saka gubetan kuwi. Jaka Bahu mlayu golek papan kanggo umpetan. Jaka Bahu uga arep mulihake tenagane kanggo ngadhepi Kala Drubiksa. Ora dingerteni dene Jaka Bahu yen papan kang dienggo umpetan kuwi mau, uga Taman Keputren dene adine Kala Drubiksa yaiku Drubiksawati. Drubiksawati kadung katresnan marang Jaka Bahu. Amarga Jaka Bahu wis ngerti yen Drubiksawati kuwi adine Kala Drubiksa, banjur Jaka Bahu nggunakake katresnane Drubiksawati kanggo nggoleki wadine Kala Drubiksa. Kanthi syarat Jaka Bahu kudu gelem nampa katresnane Drubiksawati. Dubriksawati nyolongake pedhang Swedang kasektenane Kala Drubiksa.
Sakwise Jaka Bahu entuk pedhang Swedang mau, dheweke ora arep mateni Kala Drubiksa, ananing arep gawe kapok Kala Drubiksa. Sakwise Jaka Bahu lan Drubiksawati nyandhang tresna, banjur Jaka Bahu karo prajurite budhal nggoleki Kala Drubiksa. Jaka Bahu lan Kala Drubiksa banjur perang. Ngerti pedhang Swedang ana ing Jaka Bahu, banjur Kala Drubiksa mlayu ngalor. Jaka Bahu ngoyak, Kala Drubiksa kecekel. Perang mau kandhek, banjur Kala Drubiksa janji menawa dheweke ora arep ngganggu kauripane manungsa. Dene Jaka Bahu, Kala Drubiksa diwenehi papan panggonan kanggo uripe Kala Drubiksa sak prajurite ing Roban sisih lor. Kala Drubiksa uga duweni jatah mangan asile bumi.
Ing wektu Jaka Bahu lan Kala Drubiksa mau rembugan, pedang Swedang mau diselehake ing pinggiring kali kang nikung kang dijenengi kali (Dang). Ing sateruse papan kuwi mau dijenengi Klidang. Lan daerah ing sekitare uga dijenengi Desa Klidang.
Ora ono maneh kang ganggu tugase Jaka Bahu ngrampungake bendhungan mau, saengga cepet bendhungan Kramat mau dirampungake. Dadi tugase Jaka Bahu kanggo nyiapake daerah kanggo para tani ing daerah alas Roban kang uriping bangsa lelembut mau dadi rampung.
Amarga menange Jaka Bahu lan kalahe Kala Drubiksa, warga ing sekitaring kali mau uga seneng lan warga ngadakake sukuran ing kali mau. Lan sukuran mau diarani Lomban. Lomban mau didakekaken tradisi karo warga Klidang setahun sepisan kang ditibakake ing tanggal 1 syawal.
Menange Jaka Bahu mau, Sultan Agung ngangkat Jaka Bahu dadi Bupati Kendal. Ananging Jaka Bahu isih ditugasi kanggo jupuk Putri Retno Rantan Sari kang dititipake ing dhesa kalisalak, supaya diboyong menyang Mataram. Jaka Bahu tandhang, banjur methuki Retno Rantan Sari. Tumeka ing Kalisalak, Jaka Bahu katresnan marang kaendhahane dhesa Kalisalak.
Joko Bahu uga ora lali methuki Pak Wongso, wong kang dititipi Retno Rantan Sari. Sakwise Jaka Bahu nyampekaken kekarepane, Pak Wongso banjur nyerahake Retno Rantan Sari. Jaka Bahu sing maune utusan saka Sultan Agung kuwi, malahan tandhang tresna marang Retno Rantan Sari. Sadurunge Jaka Bahu wis ngerti yen Retno Rantan Sari arep dipek garwo karo Sultan Agung. Nanging Rantan Sari uga katresnan marang Jaka Bahu. Ora kelangan akal, Jaka Bahu kang bingung kudu piye, Jaka Bahu banjur nemoni Ki Ageng Cempaluk, kanggo nggoleki wejangan.
Ora disengaja ing Dhesa Kalibeluk ana putri kang rupane padha karo Rantan Sari kang jenenge Endang Muranti. Banjur Ki Ageng Cempaluk ngongkon Joko Bahu menyang Kali Beluk methuki Endang Muranti. Jaka Bahu budal menyang Kali Beluk banjur mboyong Endang Muranti menyang Mataram. Endang Muranti diserahake Sultan Agung, nanging Sultan Agung ora curiga.
Endang Muranti uga semaput, amarga weruh kaendahane istana. Barang wis sadar, banjur Endang Muranti ngakoni marang Sultan Agung, menawa dheweke dudu Retno Rantan Sari, Sultan Agung kuciwa lan duka. Jaka Bahu dikon ngadhep Sultan Agung. Jaka Bahu diwenehi hukuman, hukuman kuwi awujud tugas. Tugas iku mau yaiku babat alas Gambiran. Endang Muranti uga dibalekake ing Kali Beluk.
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Tuesday, October 27, 2009
ASAL MULANE KABUPATEN BATANG
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Batang, salah sijine kabupaten kang ana ing Jawa Tengah duweni sejarah. Manut cerita, ing jaman biyen ana kerajaan sing jenenge Kerajaan Mataram Islam. Rajane yaiku Sultan Agung Hanyokrokusumo. Wektu kuwi Sultan Agung lagi nyiapake prajurit-prajurite kanggo nyerang prajurit Belanda ing Jakarta sing biyene arane Batavia.
Sultan Agung ngutus Bupati Kleyangan sing jenenge Dipokusumo supaya babat alas Roban, banjur didadekake sawah sakperlu kanggo nyukupi kabutuhan pangane para prajurit sing arep nyerang Batavia. Kamangka ing sakjerone Alas Roban mau akeh para dhedhemit lan sakjinise sing saba ing alas kono. Manut cerita, sing dadi rajane dhedhemit yaiku Dadungawuk.
Dipokusumo lan para prajurite banjur babat alas roban mau, nanging pagaweyane mau kandheg dening para dhedhemit mau. Para prajurite Dipokusumo akeh sing mati dadi korbane dhedhemit mau. Dipokusumo kang ngerteni kahanan sing kaya kuwi dadi bingung arep laporan dening Sultan Agung amarga pagaweyane ora kasil.
Dipokusumo banjur njaluk pitulungan karo Ki Gede Cempaluk, salah sijining punggawa Mataram sing diukum dening Sultan Agung amarga dheweke nglakoni salah marang Sultan Agung. Ki Gede cempaluk saguh ngrewangi pagaweyane Dipokusumo kanggo babat alas amarga disemayani dening Dipokusumoarep dijalukake pangapura marang Sultan Agung. Ki Gede Cempaluk banjur ngutus putrane kang duweni jeneng Jaka Bahu kanggo nglakokaken tugas babat alas mau saperlu arep digawe sawah-sawah, Jaka Bahu banjur mangkat menyang alas Roban.
Ora beda karo Dipokusumo, Jaka Bahu kang lagi babat alas dadi kandheg pagaweyane dening dhedhemit sing saba ing alas kono. Jaka Bahu banjur nglakoni tapa sakperlu pengen ngerteni sebabe para prajurite akeh sing mati. Ora suwe Jaka Bahu nglakoni tapa, dheweke banjur ngerti yen sing nyebabake pagaweyane kandheg yaiku Dadungawuk, raja dhedhemit ing Alas Roban, karo para prajurite. Jaka Bahu banjur perang nglawan Dadungawuk lan para prajurite. Dadungawuk lan para prajurite kasil dikalahake dening Jaka Bahu, banjur pagaweyane Jaka Bahu bisa diterusake.
ujuane Jaka Bahu babat alas Roban kuwi sakperlu arep digawe sawah-sawah, mula Jaka Bahu kudu duweni sumber banyu kanggo ngalirake banyu marang sawah-sawah sing arep digawe mau. Jaka Bahu banjur nggaawe kedhung kanggo ngalirake banyu. Nanging pagaweyane mau yo duweni alangan. Banyune ngalire ora tetep, kadhang ngalire cilik kadhang gedhe. Jaka Bahu banjur nggoleki sebabe banyune mau ngalire ora ajeg. Bareng ngerti sebabe, jebul sumber mau kaline kadhangan watang sing ambruk ing tengah kedhung. Mula banyune ngalire ora ajeg. Jaka Bahu banjur nglakoni tapa maneh ing sakpinggire kali mau supaya bisa entuk kakuwatan kanggo nyingkirake watang mau. Sakwise kuwi Jaka Bahu banjur entuk kakuwatan kanggo nyingkirake watang mau. Banjur pagaweyane nggawe kedhung bisa diterusake. Tlatah ing kono banjur dikenal kanthi jeneng yaiku Batang, saka kasile Jaka Bahu ngemBat waTang mau.
Nanging alangan ora kandheg. Jaka Bahu nemoni alangan maneh olehe nggawe kedhung. Jedhung sing wis digawe dening Jaka Bahu bobol. Jaka Bahu rumangsa bingung amarga dheweke wis kasil olehe nyingkirake watang mau. Banjur apa kang nyebabake pagaweyane kandheg maneh? Jaka Bahu kepeksa nglakokake tapa maneh kanggo mangerteni sebabe. Nalika Jaka Bahu rampung tapa, dheweke ngerti yen ing jero kedhung kuwi mau ana gapura istanane para uling. Sejatine kedhung kuwi jebul istanane para uling sing rajane jenenge Kala Drubiksa. Kala Drubiksa seneng gawe geger tumrap uripe manungsa. Jaka Bahu banjur nyebur ing jero kedhung mateni para uling sing ngrusak kedhung mau.
Kala Drubiksa kaget entuk warta saka prajurite yen para prajurite akeh sing mati dipateni Jaka Bahu. Kala Drubiksa ora trima. Kala Drubiksa sing panggonane dirusak karo manungsa tansaya kobongan jenggot. Dheweke banjur menyat lan tandhang dhewe ngadhepi Jaka Bahu. Perange Jaka Bahu lan Kala Drubiksa dadi perang sing gedhe amarga loro karone padha sektine. Ananging Jaka Bahu wis kesel amarga tenagane wis kari sithik kanggo nglawan para prajurite Kala Drubiksa mau. Jaka Bahu bisa kecekel dening Kala Drubiksa kanthi digubet nganggo buntute. Jaka Bahu ora kalah pokal, kanthi tenaga kang wis kari sithik Jaka Bahu bisa ucul saka gubetane Kala Drubiksa. Jaka Bahu banjur mlayu ninggalake Kala Drubiksa sakperlu golek papan kanggo ndhelik kanggo mulihake tenagane.
Ana ing papan pandhelikane, Jaka Bahu ketemu karo Drubiksawati sing jebule adhine Kala Drubiksa. Pancen papan sing dienggo ndhelik Jaka Bahu mau jebul Taman Kaputrene Drubiksawati. Saka panyawange Drubiksawati, dheweke banjur thukul rasa katresnan tumrap Jaka Bahu, Drubiksawati banjur nyedhaki Jaka Bahu banjur loro karone padha kenalan. Mawi kuwi Jaka Bahu ngerti yen Drubiksawati kuwi adhine Kala Drubiksa sing wis kebacut tresna marang Jaka Bahu. Ngerti kahanane sing nguntungake Jaka Bahu, mula Jaka Bahu banjur njaluk tulung marang Drubiksawati golek wadine Kala Drubiksa kanthi syarat gelem nampa katresnane Drubiksawati. Drubiksawti kang ora seneng marang tumindhake Kala Drubiksa nyanggupi, nanging Jaka Bahhu ora kena mateni Kala Drubiksa.
Jaka Bahu banjur dicolongake pedhang Swedhang kang dadi sumbere tenagane kasektene Kala Drubiksa. Sakwise Jaka Bahu entuk pedhang swedhang mau, Jaka Bahu banjur mangkat maneh ngrampungake perange nglawan Kala Drubiksa lan para prajurite sing uga lagi nggoleki Jaka Bahu. Pancen bener, kanthi pedhang swedhang mau Kala Drubiksa tenan kasil dikalahake dening Jaka Bahu. Kala Drubiksa banjur mlayu menyang lor alas roban. Jaka Bahu ngoyak nganti kecekel, sakwise kecekel ing Kali Kramat, Kala Drubiksa banjur nyerah maranmg Jaka Bahu lan perange loro karone mau kandheg, nanging dadi rundhingan utawa prajanjen loro karone mau ing Kali Kramat. Kasile rundhingan mau menawa Kala Drubiksa ora bakal ngganggu maneh tumrape uripe manungsa, nangingdheweke diwenehi panggonan ing Alas roban sisih lor kango papan uripe. Kala Drubiksa uga entuk jupuk jatah kanggo uripe saka hasil bumine manungsa, ananging sithik wae lan ora entuk ana kang mangerteni. Pedhang Swedhang mau banjur ditancepake ing sakpinggire Kalli Kramat. Wong-wong sing padha ngerti yen Kala Drubiksa kasil dikalahake dening Jaka Bahu rumangsa seneng, banjur nganakake syukuran ing dhuwur Kali Kramat.
Kanthi Jaka Bahu bisa ngalahake Kala Drubiksa, mula kedhung sing lagi dibangun mau kasil dadi. Jaka Bahu uga kasil olehe babat Alas Roban, mula Alas Roban mau didadekake sawah. Sawah-sawahmau dadi tlatah kang subur amarga banyu sing ngalir saka kedhung lancar. Jaka Bahu banjur bali menyang Mataram nglaporake hasile mau dhumateng Sultan Agung. Sultan Agung rumangsa bungah banget senenge ngerteni pagaweyane Jaka Bahu mau. Kanggo imbalan, Jaka Bahu didadekake bupati ing Kendal. Nanging sakdurunge kuwi Jaka Bahu diwenehi tugas maneh karo Sultan Agung. Tugase yaiku njupuk putri sing jenenge Retno Rantan Sari sing dititipake ing dhusun Kalisalak. Sultan Agung pengen ndadekake Retno Rantan Sari dadi bojone.jaka Bahu banjur mangkat menyang dhusun Kalisalak
Tekan panggonane, Jaka Bahu rumangsa kesengsem karo kaendahan ing sakiwo tengene pangonane Retno Rantan Sari. Jaka Bahu banjur nemoni Pak Wongso, wong sing dititipi Retno Rantan Sari lan ngomong yen dheweke diutus dening Sultan Agung sakperlu mboyong Retno Rantan Sari arep diboyong menyang Mataram. Retno Rantan Sari jebul wong wedok sing pancen ayu banget ora ana tandhingane. Kanthi ayune kuwi mau Jaka Bahu banjur kesengsem lan tresno marang Retno Rantan Sari. Semono uga Retno Rantan Sari, dheweke uga tresna marang Jaka Bahu. Jaka Bahu rumangsa bingung. Menawa Jaka Bahu mboyong Retno ning Mataram, dheweke ora lila yen Retno Rantan sari jejeran karo Sultan Agung, nanging saumpama dheweke ora kasil mboyong Retno, Jaka Bahu wedi menawa Sultan Agung duka. Jaka Bahu banjur bali mennyang omahe sakperlu njaluk wejange Ki Gede Cempaluk.
Ing ngomah, Ki Gede Cempaluk uga rumangsa bingung. Dheeke uga ngerteni manahe Jaka Bahu, putrane. Ki Gedhe Cempaluk banjur nggoleki akal supaya bisa nggolek wong wedok sing ayune padha karo Retno Rantan Sari, banjur digawa menyang Mataram. Ing dhusun Kalibeluk ana kenya ayu sing ayune padha Retno Rantan Sari, rupane uga mirip. Ngerteni bab iku, Ki Gede Cempaluk banjur ngongkon Jaka Bahu lunga menyang Kalibeluk sakperlu njaluk kenya ayu mau sing jenenge Endang Wuranti. Rupane pancen mirip tenan. Wong tuwane Endang Wuranti ngijinke, mula Endang Wuranti kasil digawa dening Jaka Bahu. Endang Wuranti dikongkon nyamar dadi Retno Rantan Sari banjur digawa menyang Mataram sakperlu diwenehake marang Sultan Agung. Banjur Retno Rantan Sari bisa kasandhing karo Jaka Bahu dadi bojone. Sultan Agung banjur ngajak Endang Wuranti lungguh jejer bebarengan ing singgasanane, nanging Endang Wuranti sing mung wong biyasa banjur semaput. Sultan Agung banjur sulika marang Jaka Bahu. Sakwise Endang Wuranti sadar, dheweke ditakoni marang Sultan Agung. Endang Wuranti kang wong biyasa ngandha yen dheweke kuwi dudu Retno Rantan Sari, nanging Endang Wuranti saka dhusun Kalibeluk, anake wong tukang dodol serabi. Endang Wuranti ora diiukum dening Sultan Agung banjur dikongkon bali dening Sultan Agung menyang dhusune.
Sultan Agung duka ngerteni kahanan kuwi mau. Dheweke rumangsa diapusi, banjur ngongkon Jaka Bahu ngadhep dheweke. Sakwise kuwi Jaka Bahu disengeni marang Sultan Agung. Jaka Bahu banjur diwenehi ukuman supaya Jaka Bahu entuk tugas-tugas liyane sing luwih abot tinimbang tugas babat alas roban lan gawe kedhung ing Kali Kramat. Tugas pisanan yaiku dheweke diutus babat alas Gambiran, banjur diwenehi tugas-tugas liyane nganti dianggep cukup kanggo nebus salahe marang Sultan Agung.
Kuwi mau critane Jaka Bahu ing babagan ngrampungake tugas-tugase sing dikongkon dening Sultan Agung lan kedadeyan-kedadeyan sing dialami karo Retno Rantan Sari. Jaka Bahu dikenal dening wong-wong kanthi jeneng aran Bahurekso.

Friday, July 3, 2009
RIWAYAT ASAL MULA NAMI KOTA BATANG LAN DESA KALI KRAMAT
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Ing jaman ingkang sampun kepungkur,kinten-kinten ing jaman Majapahit daerah Batang menika sampun dipunkenal wonten ing sejarah,nanging nami Batang menika piyambak nembe lair kinten-kinten kalih tengah abad lajeng ing jaman kerajaan Mataram islam ingkang kapimpin dening Sultan Agung Hanyokrokusumo Th.1613-1645.Ing wekdal semanten daerah Batang sisih wetan, kinten-kinten sisih wetan kali sambong , saniki taksih dados wana belantara ingkang dipunkenal alas roban siluman. Dipunnamani kados mekaten krana ing alas roban wau konon dipunhuni dening para siluman utawi jin-jin setan lan sanesipun. Dipuncariyosaken bilih ingkang dados raja jin / siluman ing ngriku ingkang nami Dadungawuk.
Sultan Agung sampun nyiapaken bekal kangge nyerang Walanda ( V.O.C ) menyang Jakarta ingkang wekdal semanten dipunnamani Batavia. Sultan Agung ngutus Bupati Kleyangan ( samenika daerah subah ) ingkang nami Dipokusomo kangge nebang alas roban siluman kangge dipundadosaken sawah-sawah guna nyukupi kebutuhan pangan para prajurit ingkang badhe nyerang menyang Batavia. Nanging krana gangguan-gangguan saking para siluman ingkang manggon ing wana wau,kamangka para pekerja Bupati Kleyangan kathah ingkang sedo,lan penebangan wau boten kasil. Bupati Dipokusuma bingung, wonten laporan saking Mataram bilih piyambakipun boten sanggup nebang.
Tiyang punggawa kerajaan Mataram ingkang nami ki gedhe Cempaluk krana wonten salah kalian S.Agung mangka dipunpedhot saking jabatanipun lan piyambakipun kondur menyang Kesesi (sisih kidul pekalongan ).Ki Ageng Cempaluk sampun kathah dipunkenal dados tiyang ingkang sekti lan kathah ilmunipun.
Kelingan babagan mekaten lajeng Bupati Dipokusumo tindak menyang Kesesi kangge nyuwun bantuan kalian ki Ageng Cempaluk, kalian janji menawi piyambakipun saged nebang alas roban siluman wau, badhe dipunsuwunaken ngapura kalian S.Agung. Bingah manahipun ki Ageng, mangka dipunutuslah putranipun nem-neman kang sekti ingkang nami Joko Bahu kangge nglaksanakaken tugas wau.
Ananging Joko Bahu ngalami nasib kang sami kalian Bupati Kleyangan. Para pekerjanipun ugi kathah ingkang dipuntimpa malapetaka krana gangguan saking siluman. Bersemedilah Joko Bahu kangge mangerteni sebab musabab malapetaka kang nimpa anak buahipun. Mangka mbikaklah selubung misteri / rahasia kang nylimuti alas roban wau, lan ketingal dening piyambakipun bilih ingkang ngganggu anak buahipun wau inggih menikan siluman ingkang dipunpimpin Dadungawuk. Mangka kedadosan perang antarane Joko Bahu nglawan Dadungawuk sarta anak buahe. Dadungawuk lan anak buahe saged dipuntundhukaken lan tobat boten malih wantun ngganggu anak buahe Joko Bahu,kalian kalahe para siluman mangka nebang alas wau saged dipunlaksanakaken kanti lancer.
Penebangan dipunlaksanakaken saking arah wetan (kleyangan subah ) menyang kulon ngantos kali gedhe ( kali sambong / kali kramat ). Krana alas wau badhe dipundamel dados daerah persawahan mangka perlu dipunwontenaken pengairan. Lajeng dipundamel bendungan ing kali wau. Banyu mili menyang daerah-daerah alas kang sampun dipuntebang wau supados lemah wau saged lekas dipungarap kangge persawahan. Mangka piyambakipun cepet-cepet ndamel bendungan. Nanging rupane aliran kali wau boten tetep, kadhang arusipun lendhek, kadhang banter. Nanging tiba-tiba arus dados gedhe sahingga bendungan kang nembe dipundamel jebol. Joko Bahu nylidiki sebab-sebabe. Dipunngertosi dening piyambakipun bilih wonten nginggil kedung kali wonten watag (watag prahu ageng ) kang malang ing tengah kedung wau. Anak buahipun boten sanggup mindhahaken watag wau krana saking agenge,ugi mbetahaken watu ageng kangge mbendung.Mangka Joko Bahu nglakokaken tapa ing pinggir kali supados angsal kekiyatan gaib, supados saged nyingkiraken watag kang malang ing tengah kali wau,sarta angsal watu kang ageng ,lan wekdal semanten keleresan malem jumuah kliwon. Saking tekune olehe tapa mangka badhe fajar,bener-bener angsal watu ageng. Sasampunipun yakin bilih piyambakipun angsal keramat utawi kekiyatan gaib mangka piyambaakipun langsung tumuju menyaang panggonan watag kang malang wau. Watag kang waune ageng sanget saniki ketingal dados alit. Lajeng watag wau dipunjunjung lan dipuntugel dados kalih tanpa rekaos. Saking prastawa ngembat watag menikalah daerah menika dipunnamani “ Batang “ inggih menika saking tembung “ ngembat watang “ dados “ mbatang “ . Lajeng kali kangge panggenan Joko Bahu angsal kekiyatan gaib dipunnamani “ kali kramat “ krana Joko Bahu angsal kekiyatan gaib ing maalem jumuah kliwon, mila ing saben dinten jumuah kliwon kali wau dados tradisi “ kliwonan “ kathah dipunrawuhi tiyang-tiyang kangge mengeti dinten lan panggenan kramat wau.

Subscribe to:
Posts (Atom)