Thursday, August 30, 2012

TEMBUNG “NUWUN “ LAN “NYUWUN”

sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

Tembung nyuwun lan tembung nuwun linggane suwun. Nanging trap-trapane sing beda. Lumrahe tembung nuwun magepokan karo barang sing ora kasat mata , upamane : matur nuwun, nuwun sewu, kula nuwun, nenuwun. Sanajan ngemu teges njaluk nanging ora melok.
Trap-trapane  tembung nuwun :
  1. Kula matur nuwun sanget dene panjenengan sampun kersa rawuh ing rompok kula (Saya sangat berterima kasih bahwa anda sudah mau dhatang ke rumah saya). Ora matur nyuwun utawa matur suwun. Mung pancene ing wilayah Surabaya sakiwa tengene akeh-akehe masyarakat migunakake tembung “matur suwun” , “matur kasuwun” utawa dicekak wae “suwun”.
  2. Pak Supardi ngaturaken atur panuwun dhumateng para tamu (Pak Supardi memberikan ucapan terima kasih kepada para tamu). Ora “atur panyuwun” utawa “atur pasuwun.”
  3. Yen mlebu omahe wong liya kudu kula nuwun dhisik (Apabila masuk ke rumah orang harus permisi dahulu).
  4. Kita kedah tansah nenuwun dhumateng Gusti Kang Murbeng Dumadi minangka sesembahan kita (Kita harus selalu berdoa kepada Tuhan Yang Maha Pencipta sebagai sesembahan kita)
  5. Nuwun sewu, menapa menika dalemipun pak Sastra? (Mohon ijin, apakah ini rumah pak Sastra ?)
  6. Kula nuwun, sinten ingkang wonten nglebet ?

Tembung nyuwun lumrahe ngemu surasa “njaluk” kang melok.
Trap- trapane tembung “nyuwun” :
  1. Nyuwun duka, kula boten mangertos (Mohon maaf, saya tidak tahu). Nyuwun duka tegese njaluk didukani jalaran saka ora ngertine utawa ora bisa menehi jawaban. Ora nuwun duka.
  2. Kula badhe nyuwun priksa dhateng pak guru bab wucalan matematika (Saya akan bertanya kepada pak guru tentang pelajaran matematika).Nyuwun priksa tegese njaluk apa diweruhi . Tembung iki minangka krama inggile takon.  Ora nuwun priksa utawa suwun priksa.
  3. Kula nyuwun pangapunten dhumateng para pamiyarsa (Saya mohon maaf kepada semua pendengar).
  4. Kula minangka sesulih namung nyuwun gunging sih samodra pangaksami (Saya sebagai wakil hanya mohon maaf yang sebesar-besarnya).
  5. Kula nyuwun arta dhateng bapak kangge tumbas pit (Saya minta uang kepada bapak untuk membeli sepeda).
  6. Menawi badhe mlebet gedhong menika kedah nyuwun palilah rumiyin dhateng ingkang jagi (Apabila mau masuk gedung ini harus minta ijin dahulu )
  7. Kula namung nyuwun sewu kemawon, boten kalih ewu (Saya hanya minta seribu saja, tidak dua ribu).
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

No comments:

Post a Comment

Note: Only a member of this blog may post a comment.