Minggu, 05 Desember 2010

Pranatacara lan Sesorah

PRANATACARA LAN SESORAH

Sugeng rawuh Ing adicara gladen Sesorah lan Pranatacara
  • Pranatacara :  Asring dipun sebat Master Of Ceremony, Pambiwara, Pranata adicara, Pranata titi laksana, Pranata Laksitaning Adicara: Paraga ingkeng tinanggenah nata cara utawi acara, bakuning ayahan nglantaraken cakcakaning acara utawi adicara wonten ing pepanggihan, pasamuwan ingkang sampun rinantam. 

  • Pranatacara nyepeng ayahan ingkeng ageng, dados punjering kawigatosan, amargi regeng, rancag, nges lan mbotenipun satunggaling adicara saperengan ageng dados tanggel jawabipun pranatacara.

  • Soksintena kemawon para paraga ingkeng magepokan kaliyan lampahing adicara utawi pawiwahan boten saged tumindak piyambak-piyambak menawi dereng wonten atur saking pranatacara.

  • Sejatosipun pakaryan pranatacara mekaten sanes setunggiling pakaryan ingkeng awrat, awit saksintena kemawon priyantun ingkang mboten nandang tuna wicara utawi ingkeng kedaling lesan mboten cetha, tamtu saget nindakaken pakaryan pranatacara kasebut. Ananging ingkeng kathan sami ajrih dhumateng tuna dungkaping basa. Ananging babagan menika mboten ndadosaken pepalang, amargi basa mekaten kathah sanget pocapanipun, pramila setunggal lan sanesipun priyantun saged ngginakaken basa ingkeng pundi kemawon, jer leres pikajenganipun cak cakanipun, saha gampil kasuraos deneng saksintena ingkeng midangetaken. 


Ancasipun Sesorah Munapadene Pranatacara
  • Kangge nyaosi pengertosan dumateng tiyang sanes

  • Kangge nyaosi karemenan dhumateng ingkeng kepareng midhangetaken

  • Kangge paring pemanggih utawi pendirian ingkeng mirengaken supados kersoa tumindak ingkeng dipun suwun dening pamedhar pangandikan


Amrih Dados Pranatacara Saged Lumampah Sae
  • Swara

  • Busana (Ageman)

  • Subasita (Trapsila)

  • Basa lan Sastra


Swara
  • Kedaling lesan kedah kagladhi, supados saged langkung cetha medaling suwanten. Pranatacara saha pamedhar sabda kedah saged mapanaken utawi ngginakaken swanten ingkeng awrat, cekapan, utawi inggil trep kaliyan swasana.

  • Pangolahing suwanten, kedah wajar, cetha, teges boten ketawis sanget menawi dipun olah kanthi (hiperbola)

  • Inggih babagan swanten menika, pranatacara saha pamedhar sabda kedah wigatos dhateng swaraning aksara swara (ucapan), langkung-langkung beda-beda mingsad-mingsedipun ing tembung lingga saha tembung andhahan.

  • Wirama (lagu) ugi kedah kagladhi kanthi saestu supados sekeca dipun mirengaken. Kados pundi rindhik rikatipun, mandhap minggahipun, sampun ngantos kesesa, ananing ugi sampun ngantos nglentreh sanget.

  • Galadhi olah swara punika kedah pikantuk kawigatosan ingkeng mirunggan, amargi punika dados satunggiling sarat baku kagem pranatacara saha pamedhar sabda.     



Busana (Ageman)
  • Ajining raga gumantung busana, mila babagan busana punika ugi kedah pun gladhi saengga jejibahan pranatacara saha pamedhar sabda saged kalaksanakaken kanthi sae

  • Anggenipun ngadi busana kedah kajumbuhaken kaliyan keperluanipun wonten ing upacara punapa ingkang badhe dipun ayahi.

  • Jejering  pranatacara saha pamedhar sabda  saged katingal ngrengreng menawi rinengga ing swanten, raga lan busana ingkeng pantes.

  • Pangudining busana saged ngetrapaken kaliyan rupi utawi wernining busana kaliyan kulit, ugi make up, saengga katingal pantes kaliyan papan panggenan , boten nyolok tuwin samadya kemawon



Subasita (trapsila)
  • Trapsila (tata krami) kedah pun gladi ingkeng sae, amargi trapsila ingkeng kirang, saged ngirangi kawibawanipun pranatacara saha pamedhar sabda

  • Solah bawa sampun ngantos kadamel-damel . Langkung sae bilih solah bawanipun prasaja kemawon, anteng, manteb ananging boten kaken (Kaku)

  • Ewah-ewahanipun pasuryan ugi kedah kaudi ingkeng sedaya wau sageda nggambaraken  isining penggalih, ingkeng lajeng jumbuh kaliyan swasana. Kadosta, bilih wonten ing pawiwahan saha pahargyan pasuryan bingar, sumringah lan ramah awit prastawa menika wau ngemu suraos suka, kabagyan, saha kabingahan.

  • Wondene menawi wonten ing sripah, pasuryan kedah boten ketingal bingar, utawi sumringah, amargi punika tamtu boten jumbuh kaliyan swasana saha raos manah kulawarga ingkeng nembe nandhang duhkita utawi duka sungkawa.       



Basa Lan Sastra
  • Basa lan sastra ngawujudaken kabetahan ingkang baku tumrapipun priyantun ingkang nembe ngayahi tugas utawi jejibahan dados pranatacara saha pamedhar sabda

  • Basa ingkang kaginakaken kedah miturut tuntunaning sastra ingkeng leres. Pamilihing tembung, ingkeng  lajeng dipun ronce dados ukara kedah trep, luwes, sae, wusana sekeca kamirengaken ing asanes.

  • Kanthi pangertosan pranatacara saha pamedhar sabda saged ndapuk mocap, tembung, ukara saha wacana kanthi leres tuwun laras.

  • Laras tegesipun pranatacara sahapamedhar sabda saged ngrantam saha mbabar titilaksana trep kaliyan kawontenan saha swasana

  • Leres tegeipun pranatacara saha pamedhar sabda saged ngginakaken basa ingkeng trep kaliyan paramasastranipun.

  • Ingkeng menika pranatacara saha pamedhar sabda saget lumebet ing pawiyatan utawi saged maos piyambak buku-buku ingkang ngemot kawruh paramasastra kasebat.


Supados saged pikantuk kasil pakaryan ingkeng sae,kedah kagungan pathokan-pathokan kangge nindakaken pakaryan pranatacara saha pamedhar sabda punika
  • Ing abagan basa, mugi kaginakaken basa ingkeng trapsila, wijang prasaja ananging gampil katampi dening para tamu (ingkeng midangetaken) sarta sakeca kapiarsa

  • Tanggap ing kawontenan, supados pahargyan saged regeng

  • Mangertosi rantaman-rantaman badhe tumapaking adicara kanthi permati, sarta kedah tanggap ing kawontenan

  • Mangertos asma-asma para paraga ing salebeting pawiwahan kanthi jangkep sak imbuhanipun

  • Tansah sesambetan kaliyan kadang pranata swara, supados nyamektakaken gendhing ingkang jumbuh kalihan lampahing acara

  • Tansah sesambetan kaliyan poranparaning pawiwahan (ketua panitia) supados enggal mengertosi mbok bilih wonten ewah-ewahan adicara

  • Trengginas mutusaken samukawis murih pawiwahan boten ketinggal kisruh


Sikap sarira ingkang kirang mranani
  • Jumeneng kanthi lelambaran suku setunggal

  • Jumeneng kanthi suku sakelengkung rapet

  • Jumeneng kanthu suku sakelangkung mekar

  • Jumeneng kanthi loyo/ boten wonten semangat

  • Jumeneng kirang imbang

  • Jumeneng kanthi lelendhetan papan wicara

  • Ngewah-ewah sarira

  • Jumeneng boten jenjem

  • Jumeneng kaku

  • Jumeneng mboten nggatosaken  papan panggenan


Ewah-ewahan pasuryan ingkang boten mranani
  • Gumujeng ingkang dipun damel-damel

  • Asring mesem

  • Mbesengut

  • Tumungkul

  • gugup


Ewah-ewahan sarira ingkang boten mranani
  • Asring ngebahaken satunggaling perangan sarira

  • Ngebahaken perangan sarira kanthi tidha-tidha

  • Ngebahaken perangan sarira kanthi boten trep kaliyan ingkang dipun ngendikakaken

  • Asring ngukur talingan

  • Nglebetaken asta wonten ing sak clana

  • Asring mirsani cathetan

  • Asring ningali nginggil

  • Boten nggatosaken ingkeng midhangetaken


Sesorah lan pranatacara ugi kedah migatosaken babagan
  • Sora lan botenipun suwanten

  • Iramaning swanten

  • Swasananing suwanten ingkeng laras kaliyan kawontenan


Tanggap wacana kedah kamot perkawis ingkang sampun urut
  • Salam pambuka

  • Purwaka

  • Isi

  • Wigati (kesimpulan)

  • Pangajeng-ajeng

  • Wusana/purna/Akhir/Entek-entekan


Katerangan  Urutaning Tanggap wacana
  • Salam pambuka: inggih punika ngaturaken salam ingkeng sepisan, kadosta, assalamualaikum…wr…wb…salam sejahtera untuk kita semua

  • Purwaka: inggih menika atur matur nuwun dhumateng para tamu undangan saha atur syukur dhumateng Alla Swt, dlsb

  • Isi: inggih menika sedaya perkawis ingkeng dipun wedharaken

  • Wigati: inggih menika inti saking ingkang sampun dipun wedharaken

  • Pangajeng-ajeng: inggih punika pitedah-pitedah saha pangejeng-ajeng ingkang dipun wedharaken dhumateng para ingkang midhangetaken

  • Wusana: inggih punika, atur panuwun saha nyuwun pangapunten bilih wonten kekirangan saha kalepatan anggenipun ngaturaken tanggap wacana.          

Tidak ada komentar :

Posting Komentar

Catatan: Hanya anggota dari blog ini yang dapat mengirim komentar.