Friday, November 30, 2012

UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA

sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
Manut ewah-ewahan jaman, saiki ragam basa Jawa mung kapantha dadi loro yaiku basa ngoko lan basa krama. Basa ngoko kapantha maneh dadi loro yaiku ngoko lugu lan ngoko alus. Dene basa krama uga kapantha dadi loro yaiku krama lugu lan krama alus. Bedane ngoko lugu, ngoko alus, krama lugu, lan krama alus kaya kang kaandharake ing ngisor iki.

a.      Ngoko Lugu
Ngoko lugu wujude kabeh tetembungane migunakake tembung ngoko. Ngoko lugu digunakake kanggo omong-omongan antarane wong sing wis kekancan akrab lan wong tua marang anake.
Tuladha:
1)      Kowe mengko neng ngomah apa ora?
2)      Amir ora mlebu sekolah jalaran lara weteng.
3)      Kowe sida melu bapak menyang Sala apa ora ndug?
4)      Mengko bengi sinau bareng neng ngomahmu ya?

b.      Ngoko Alus
Ngoko alus wujude tembung-tembung ngoko kang dicampuri tembung krama kanggo ngajeni wong sing diajak omong-omongan. Ngoko alus biayasane digunakake kanggo omong-omongan antarane wong diwasa sing wis akrab ananging isih padha ngajeni, wong tuwa marang wong nom sing diajeni, lan kanggo ngomongake wong sing diajeni.
Tuladha:
1)      Pak Amin wis rawuh apa durung?
2)      Panjenengan arep tindak menyang Semarang dina apa?
3)      Mas Anto arep siram saiki apa mengko?
4)      Wingi Pak Dhe rawuhe nitih motor mabur.

c.       Krama Lugu
Krama lugu wujude kabeh tetembungane nganggo tembung krama ananging wuwuhane isih migunakake wuwuhan basa ngoko. Krama lugu biyasane digunakake dening bakul ing pasar menawa omong-omongan karo wong kang arep tuku.
Tuladha:
1)      Sampeyan mundhute sayur ingkang pundi?
2)      Mangke kula betakake dhateng daleme panjenengan.
3)      Kopine sampun diunjuk eyang kakung.
4)      Bapak kundure mangke jam kalih.

d.      Krama Alus
Krama alus wujude kabeh tetembungane krama kabeh. Krama alus digunakake kanggo wong nom menawa matur marang wong tuwa, anak buah marang pimpinan, lan wong sing durung kenal.
Tuladha:
1)      Mangga pinarak, panjenengan sampun dipuntengga bapak.
2)      Menawi sampun dados tugasipun saged dipunkempalaken.
3)      Bapak lan ibu sampun tindak dhateng Jogja kala wingi.
4)      Pak, kula badhe nyuwun arta kangge tumbas buku basa Jawi.
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

No comments:

Post a Comment

Note: Only a member of this blog may post a comment.