Friday, October 19, 2012

Kidung Wengi Panandang Diri

sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

layap liyep liyuping lirih kekidungan wengi
sinamun lakune samirana aneng pucuking redi
ilining waspa ngalur elur tan kendat lir kadya warehing redi
pratanda aboting panandang diri

panjerite kutu-kutu walangatoga minangka kanca jeriting ati
gumlegering ombak segara minangka sulih runteking penggalih

tetesing waspa ana ing bantala den gadang bisa nglarung panandang nala
luluh rebah sujud sembah dumateng keblating manembah jampining panandang susah
agunging gegadangan bisa kasembadan apa kang dadi kekarepan...

gung swarane ati ngagungake Kang Maha Agung
hu.... hu... hu... sir napas Allahu
Allahu sir... sir... sir... siring kalbu
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

No comments:

Post a Comment

Note: Only a member of this blog may post a comment.