Wednesday, November 14, 2012

Wanita Mulya

sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
wilanganing pangucap den kidung sinampurna
sambung sinambung ukara kalawan ukara
maujud rasa kang aran tresna
getering rasa tan kinira
kurang ing bebasan tan kagambarake dening pangrasa

panjenengan kang aran wanita mulya
sampurna cinipta elok ing kaendahan dunya
tan ginawe solah bawa culika
hamrani ing netra satemah agawe rena

panjenengan widadarine para putra 
jiwa-jiwa ayem tan nggigimangsa
cumadong mring panandang lan narima
tuteg teguhing rasa tan ginawe dukita

panjenengan rajah pusakane dunya
sabda pawedar agawe teteging jiwa
jiwa putra-putra kang remuk dening kahanan dunya
pamuji pangestu cinadong asta

sih panjenengan ing teguh tan katilep mangsa





sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

No comments:

Post a Comment

Note: Only a member of this blog may post a comment.