Monday, June 3, 2013

KUMPULAN LANGGAM JAWA: CANDHIK AYU

sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
Langgam Candhik Ayu Anggeguyu
Ciptaan : Mr. CJDW
Vokal : Maratus & Ndandunk


Produksi : Aini Record
Lk :
[bowo]
Wewaton anteping kalbu,
Amung dawuh kang cinandi,
Leluhur kang paring sabdo,
Ulah kridho lahir batin…
Yuwono kalis rubedo,
Angenak’i tyas sesami,

Pr :
Aku nyawang mlebu ati,
Ing tresno kang tak alami
Dudu bondho dudu rupo sing njalari,
Ati kang njola tankeno di kendaleni
Kawitan pancen sepele,
Ing rembugan sak anane
Tak sawang atimu katon awe-awe,
Aku kesengsem nganti tekan seprene
Aduh tresno wis nyawiji,
Ingkang gawe bungah ati iki
Dadaku sesek yen dhong kangen,
Ati sumpek mung mergo le angen-angen
Opo ono piwalesmu,
Iki tresno mung mligi kanggomu
Tak pasrahke mring sliramu,
Ojo nganti candhik ayu anggeguyu
Atiku tetep nduwekmu,
Isih tresno siang ndalu
Dadi bukti tresno suci isih ono
Antuk pambagyo dewo sang kumojoyo
reff :
Aduh tresno wis nyawiji,
Ingkang gawe bungah ati iki
Dadaku sesek yen dhong kangen,
Ati sumpek mung mergo le angen-angen
Opo ono piwalesmu,
Iki tresno mung mligi kanggomu
Tak pasrahke mring sliramu,
Ojo nganti candhik ayu anggeguyu
Atiku tetep nduwekmu,
Isih tresno siang ndalu
Dadi bukti tresno suci isih ono
Antuk pambagyo dewo sang kumojoyo
sumber video http://www.youtube.com/watch?v=TpJJiBXIQEw

sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

No comments:

Post a Comment

Note: Only a member of this blog may post a comment.