Friday, June 10, 2005

Kulo Nuwun

sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
Awale soko chatting-chatting karo blogger sing podho-podho wong jowo. Mergo ngerti nek podho wong jawane yo kadang ngobrole nganggo boso jowo juga. Metu asline. Terus muncul ide, piye nek sekali2 posting ning blog nganggo boso jowo. Pasti lucu. Tapi bareng dipikir-pikir kok koyoke kurang pantes. Wong sing mampir nang blog iku kan dudu cuma wong2 sing ngerti boso jowo. Sebagian pasti ono sing ra ngerti boso jowo.

Terus moro2 keceplos ae ide, piye nek nggawe blog anyar. Sing isine khusus posting nganggo boso jowo. Tapi diisi rame2 karo blogger2 sing iso boso jowo. Soale nek dhewean bakal rodo repot. Ngurusi blog sing wis ono ae kadang rodo keteteran, opo maneh nek ditambahi blog siji engkas. Nek sing ngisi rame2 kan bakalan enteng.

Lha yo uwis. Ora kathik kesuwen dibahas dowo2. Bareng wis entuk dukungan antusias, langsung ae di-"create" blog iki. Dukungan pertama soko Jeng Isna sing manggon ning kutho pusat budhaya Jowo, Yogyakarta. Terus dukungan kedua soko Mbak Ria, cah jowo sing lagi ngadhem ning Jepun. Karo simbak Ria iki langsung diputusno "create" blog saiki ae.

Ngobrol2 enake diwenehi judul opo blog iki. Milah milih akhire disepakati nganggo jeneng "Padhang mBulan". Alasane suasana padhang mbulan iku kan nyenengke, bocah2 podho dolanan ning latar, wong2 podho cangkrukan ngobrol gayeng, cocok kanggo blog iki sing bakal diiseni tulisan2 gayeng soko beberapa blogger jowo. Judul Padhang mBulan juga ngilekke ning lagu anak2 sing judule podho. Isine ngajak konco2 dolanan ning latar pas padhang mbulan. Lha kok yo pas tenan... :)
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
Terus isine mengko opo? tak pikir sih ora usah dibatesi, sing penting nganggo boso jowo. Tapi mungkin bakalan luwih apik nek isine sing nyenggol2 nyeritakke budhaya2 jowo sing dilakoni karo poro penulise. Disamping nostalgia jaman ning kampung, juga iso sekalian bagi ilmu lan cerito kanggo "nguri-uri budhaya leluhur" :D

Sak liyane Aku, Jeng Isna karo Mbak Ria, sing bakalan ngisi posting ning kene, mungkin si Nopal, arek Malang sing nyangsang ning Singapor. Pal, engko nek ono pilem nganggo boso jowo ripiuw-en ning kene yo.. :P. Terus Bu Nana penggemar majalah "Panjebar Semangat" sing saiki lagi ngungsi ning Atjeh. Lho piye to, wong wong Atjeh iku lagi podho ngungsi nang nggon liyo kok sampeyan malah ngriwuki ngungsi nang kono :P. Terus juga Pakde Wisa sing lagi dadi prabu tapi ra mulih2. Meskipun panjenengane Pakde Wisa iki lagi suibuk tenan nganti ra sempet ngeblog, tapi nek ra diajak iso2 ra diwawuh :P Secara (gubrak!! boso jowo yo ono "secara" to!!!) pakde Wisa iki sing paling bangga dadi jawir :P

Nggih sampun, semanten kemawon posting pembukaan kangge blog "Padhang mBulan" meniko. Mugi-mugi saged awet lan saged dados sarono kangge ngelestarikaken budaya jawi ingkang, tirose tiyang2, adiluhung puniko. Monggo dipunsekecakaken. Matur sembah nuwun. Monggoooo....


ps. duh susah yo, nulis nganggo boso jowo. Rasane kagok. Diomongne sih gampang, tapi nek ditulis iku rodo kagok. Soale ning utek kene, bahasa utamane wis boso indonesia sih. Terus iki aku opo'o yo? kok boso jowone dadi rodo jawa-tengahan ki piye? secara aku arek Malang, terus kuliah limang taun ning Suroboyo... lha kok basane jawa-tengahan iki aku yo dadi bingung... yo wis ben lah... :P
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

No comments:

Post a Comment

Note: Only a member of this blog may post a comment.