Tapi ono budaya jowo sing sempet dadi bagian kegiatanku, yoiku gamelan. Aku sempet dadi pengrawit ning sekolahan. Pas SD, sekolahanku duwe gamelan, aku melu2 belajar carane main. Ning SMP aku juga melu kegiatan nggending. Memang cuma belajaran, nek nganti tampil paling mung mainke gending jowo pas ono acara perpisahan ning sekolah. Tapi pas SMA ora ono gamelane, dadi ora iso nuthuk2 maneh :P
Wayah kuliah, lha kok aku yo mbalik maneh dulinan gamelan, gabung karo unit kegiatan karawitan. Ning kene yo sik belajaran, tapi wis mundak kelase. Tau dadi pengiringe tarian, ngiringi ketoprakan. Terus sing paling nyenengke iku pas ngiringi grup ludruk soko kampusku sing sering manggung ning njobo, mulai soko manggung ning hotel nganti syuting ning stasiun tipi swasta.
Tapi terus terang ae, meski aku cukup akrab karo gamelan, aku durung iso nikmati gending2 jowo. Tenanan iki. Aku iso nikmati yen aku dadi pengrawite sing main gending jowo iku. Tapi nek dikongkon ngrungokke gending jowo kanti tenanan... aku bakalan blank :P
Dadi sakjane aku iki dudu wong sing sueneng banget karo gending jowo nganti bola-bali melu kelompok pengrawit, tapi sing tak senengi iku aku iso dadi bagian soko unen-unen musik sing apik. Iso melu nuthuk2 salah sijine alat karawitan iku ngikuti irama bareng alat liyane nganti dadi unen-unen gending sing apik iku jan nyenengke tenan lo...(bingung aku nerjemahnone :P)
Njawani?Aku dhewe ra ngerti, opo aku iki cukup njawani. Opo tindak-tandukku sedinane iku iso mewakili tindak-tanduke wong jowo, aku ra ngerti. Sing iso nilai yo wong liyo. Tapi tau ono uwong sing ora nyongko nek aku ini wong jowo, kok ngomonge gak medok?, jare ngono. Lha iyo, aku baru medok nek aku ngomong jowo, nek ngomong boso indonesa yo logate bedo yo ;)
Tapi aku dhewe ora pati ngreken, opo aku iki isih njawani opo ora. Mungkin mergo aku gedhe ning keluarga lan lingkungan sing ora ndadekke budaya jowo sebagai pedoman sedina-dinane. Keluargaku luwih nganggo aturan agama sing dadi pedoman sedinane.
Sing jelas, aku nek liwat ngarepe wong sing luwih tuwo aku tetep mbungkuk karo tangan mengisor. Njogo unggah ungguh lan sumeh marang tamu. Karo wong tuwo nek arep nuding nganggo jempol. Opo iku to sing diarani "njawani"?...
ps. versi boso indonesia-ne iso dideleng ning kene :D
No comments:
Post a Comment
Note: Only a member of this blog may post a comment.