Friday, June 17, 2005

Obor

sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
Obor? Haree genee...ngomongke obor? Kok koyo mbalik nang jaman batu maneh. Ojo-ojo malah ono sing during tau weruh obor, terutama para priyagung kutho metropolitan:D.

Jaman mbiyen nang kuthoku, sakdurunge listrik gumebyar koyo saiki, mung dalan gedhe sing dipadhangi listrik. Dalan-dalan liyane, opomeneh dalan deso, petheng ndedhet. Wektu semono, durung kabeh omah wis iso pasang listrik. Mulane padhange mbulan jaman semono luwih kroso tinimbang saiki.

Nang ngomahku pancen ora nduwe obor. Sing nduwe iku simbah putriku sing daleme jejeran, mung dipisahke latar mburi. Saben isuk, wayah subuh, malah sak durunge subuh, mbah putri wis wungu. Ubet nang kamar mandi (boso jowe opo si? lali aku). Jam sakmono aku biasane yo wis tangi, ngrusuhi ibuku sing ubet nang pawon.

Tinimbang didhawuhi turu meneh, aku luwih seneng ndherek mbah putri tindak nang langgar (mushola). Biasane ono koncone simbah sing daleme cedhak omah, ngampiri amrih tindak bareng-bareng. Koncone simbah iku yo duwe obor. Dadi simbah-simbah iku podho ngasto obor, aku mlaku timik2 nang ngarepe.
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
Sakjane jarak omah lan langgar iku ora adoh, paling2 satus-rongatus meteran, tapi kudu ngliwati kebon pisang sing rungkut lan peteng. Dadi ono obor yo migunani. Sing tak senengi, nek pas mlaku ngono iku ketemu karo konco2ne simbah sing soko arah liyane, lan uga ngasto obor. Dadi koyo parade obor wayah isuk sing isih sepi, mung ono lamat-lamat swara wong ngaji seko mesjid besar kanggo nunggu subuh.

Tekan langgar, sing wis duwe wudhu langsung mlebu, tapi sing durung terus bablas nang kali. Nang cedhak langgar ono kamar mandi umum, banyune soko tuk (mata air)lan persis nang ngisor wit pring sing rungkut. Ojo takon koyo ngopo petenge. Pating kemrosak unine wit-wit iku nek keno angin.
Masiyo aku wis wudhu seko ngomah, tapi aku tetep seneng melu mudhun nang kali, mung pengen ndelok mobat-mabite obor keno angin nang ngisor papringan :)

Saiki, para mbah2 sing apikan iku wis podho seda, kecuali simbah putriku. Yuswane wis ngancik 90 tahun.
Kebon pisang wis dadi omah kabeh, semono ugo papringan wis ilang. Saiki wis padhang njingglang masiyo bengi, dadi obor wis ora perlu maneh, wis digantiake listrik.

Obor, ketoke wis kari kenangan.

P.S: aku kok malah rajin nulis nang kene yo.., lha omahe dhewe malah ora keurus. opo disewaake wae yo..:D
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

No comments:

Post a Comment

Note: Only a member of this blog may post a comment.