sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Yen sira kasinungan ngelmu kang marakake akeh wong seneng, aja sira malah rumangsa pinter, jalaran menawa Gusti mundhut bali ngelmu kang marakake sira kaloka iku, sira uga banjur kaya wong sejene, malah bisa aji godhong jati aking.(Bila anda mendapat anugrah ilmu yang membuat banyak orang senang, janganlah kamu merasa pintar, sebab apabila Tuhan mengambil lagi ilmu yang menyebabkan anda terkenal itu, anda akan menjadi orang biasa lagi, malah lebih bermanfaat daun yang kering)
Wednesday, September 7, 2005
Landa Amerika
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Biyèn aku manggon ing sawijiné kutha cilik, kotamadia, sing mung nyakup 9 kelurahan lan sakecamatan. Ing kutha iku akèh wong Landa.Lha tembung Landa kuwi ya manut karepé wong akèh: kabèh keturunan kaukasia diarani Landa. Kaya wong Jakarta ngarani wong kulit putih kuwi bulé, kamangka bulé kuwi albino, lha nanging tembung bulé sidané banjur dadi tembung nasional.
Sawijining dina, aku mulih saka sekolah minggu. Sakturuté dalan, ning ngarepku ana rombongan bocah-bocah sakumuran 8-12 taun lagi mlaku-mlaku. Lha karo bocah-bocah kampung, rombongan iku dibengoki, "Hoiiiiiiiiiiiiii... landa! Landa èlèkkkk!"
Bocah paling gadhé, sakngertiku adhine Curtis, banjur mandhek, mbalik, tangan kiwa mlangkrik, tangan tengen ngacung munggah karo nggegem, "Aku dhudhu londho! Aku Amerikaaaaaaaaa!"
Lha pancen kuwi rombongané bocah-bocah Amrik, dudu Holland, Ostrali utawa Jerman -- ing kuthaku uga ana wong-wong saka negara sing kasebut mau. Bocah-bocah bulé sing dudu albino kuwi, yèn seneng dolan lan srawung, biasané padha bisa basa Jawa. Yèn basa Indonesia mono bocah-bocah kuwi mesthi bisané.
Wong Jawa nyebut wong kulit putih kaya ngéné: Landa Amrik, Landa Jerman, lan Landa Swiss. Landa saka Nederland? Ya disebut Landa Nederland, Landa Holland, Landa Negara Landa, utawa Landa-Nda. Ana uga sing nyebut Landa didhong.
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Subscribe to:
Post Comments (Atom)
No comments:
Post a Comment
Note: Only a member of this blog may post a comment.