
Para sanak, nyuwun sèwu yèn iki, manèh-manèh, rada saru. Karepku ngono ora arep ngejak rembuk saru, aku mung arep ngudhar rasa bab basa Jawa. Lha sing saiki ngenani bab rambut lan wuluné manungsa, dudu sato kéwan. Lha apa to bedané rambut lan wulu? Bu Dokter Siberia luwih pirsa bab iki. :)
Lha saka ngendi gagasan nulis iki? Ana sawijining nom-noman kang nitip warta ing blogku. Promosi, ngono. Jebul isiné blog saru, lan bocah iku sajak-sajaké waé rada
fetish utawa mbrahala wuyung ing rambut lan wuluné wanita.
Banjur apa sing arep tak udhar? Iki lho. Sakngertiku tembung Jawa bab rambut utawa wuluné manungsa iku jangkep, malah luwih pepak tinimbang basa Indonesia.

Coba to, digatèkaké. Alis ing basa Jawa, ing basa Indonesia uga
alis. Jénggot uga tetep
jenggot. Lha bréngos kuwi
kumis. Yèn godhèg kuwi
cambang. Lha yèn idep, ing basa Indonesia dadi
bulu mata. Simbar, ing basa Indonesia dadi
bulu dada. Aku ora ngerti banjur sing ing basa Indonesia
bulu kaki kuwi basa Jawané apa ya mung wulu sikil?
Miturut guru basa Jawaku biyèn, nalika aku SMP, saben rambut lan wulu ing panggonan awak manungsa kuwi nduwèni jeneng dhéwé-dhéwé. Pak Guru, asmané Pak Masno, priyayi Sala, maringi conto "gumblis". Bocah sakelas bingung, apa kuwi. Jebul, nyuwun sèwu waé ya, gumblis iku wulu utawa rambut ing njaban dalan bebucal [
anus]. Bocah-bocah cekikikan.
Miturut kancaku, wong Klaten, wulu ing jempol sikil sing yèn dicabut banjur bisa njalari abuh iku kaaran wulu cumbu. Lho, kok endah temen jenengé ya... :)
Yèn rambut utawa wulu ing genital iku kaaran "j......", basa Indonesiané uga mengkono ning ora sopan y
èn kocap, mulané yèn kepeksa nyebut cukup rambut/bulu kemaluan. Banjur apa arané rambut utawa wulu kèlèk ing basa Jawa? Lha rambut utawa wulu ing bolongan irung iku apa jenengé? Aku durung ngerti apa basa Indonesiané uyeng-uyeng utawa unyeng-unyeng. Wong Jakarta ngarani user utawa user-user. Lha yèn wulu kalong, apa basa Indonesiane?
Mengkono layang semprulku dina iki. Nyuwun sèwu, aku iki kadangkala pancèn rada kurang gawéan, bab sepélé waé tak pikir. Ning bar iki aku wis akèh gawéan, rapat lan corat-corèt. :D
No comments:
Post a Comment
Note: Only a member of this blog may post a comment.