sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Yen sira kasinungan ngelmu kang marakake akeh wong seneng, aja sira malah rumangsa pinter, jalaran menawa Gusti mundhut bali ngelmu kang marakake sira kaloka iku, sira uga banjur kaya wong sejene, malah bisa aji godhong jati aking.(Bila anda mendapat anugrah ilmu yang membuat banyak orang senang, janganlah kamu merasa pintar, sebab apabila Tuhan mengambil lagi ilmu yang menyebabkan anda terkenal itu, anda akan menjadi orang biasa lagi, malah lebih bermanfaat daun yang kering)
Tuesday, October 4, 2005
Sugeng Ramadhan
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Panjenengan sedanten, terutami ingkang muslim, temtunipun taksih kemutan kalihan lagu ing ngandhap menika.Menika lagu ingkang mesti dipun tembangaken kaliyan lare-lare alit sak derengipun mlebet sasi pasa/ramadhan. Rumiyin jaman kula taksih alit, jaman SD, taksih ngraosaken libur sak lebetipun sasi pasa. Lajeng wonten ewah-ewahan kebijakan, liburipun namung seminggu awal kalihan seminggu akhir. Kirang mangertos menawi SD sak menika. Amargi liburan ingkang panjang meniko, pramilo biasanipun lare-lare SD sami nembang lagu menika kanthi suka-cita. Surasanipun kados mekaten:.. iki sasi ruwah, nuli sasi pasa
kewajiban kita kudu pasa..
.. sêsasi lawasé, nyêgah mangan ngombé
ésuk têkan soré, sak rampungé..
..yèn wis rampung pasa, nuli njur riyaya
padha suka-suka, suka sambya..
lal halal bihalal, marang wong tuwané
lan marang prakanca, lan kancane..
Wonten ing sasi ruwah, inggih sya'ban, menika biasanipun tiyang ndesa sami dhateng kramat. Mboten pados pesugihan lho nggih.. ananging resik-resik kalian ndongakaken ingkang sampun pejah. Acara menika biasanipun kasebat "bêsik".
Rumiyin, ugi badhe besik, simbah putri kula mesti titip donga ingkang aneh-aneh, kados nyuwun lancar rejeki. Biasanipun namung kulo inggihi, ananging mboten kula laksanakaken. hehe..
Nah, sak menika sampun mlebet sasi ramadhan, pramila, kula angucapaken sugeng ramadhan, sugeng siyam. Mugi-mugi amal ibadah siyam kita, saget katampi kalian Allah SWT. Amien.
nb. surasanipun tulisan jawi ing gambar:
ngaturaken sugeng siyam kagem para sedherek ingkang muslim,
mugi ketampi ibadahipun.
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Subscribe to:
Post Comments (Atom)
No comments:
Post a Comment
Note: Only a member of this blog may post a comment.