sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Yen sira kasinungan ngelmu kang marakake akeh wong seneng, aja sira malah rumangsa pinter, jalaran menawa Gusti mundhut bali ngelmu kang marakake sira kaloka iku, sira uga banjur kaya wong sejene, malah bisa aji godhong jati aking.(Bila anda mendapat anugrah ilmu yang membuat banyak orang senang, janganlah kamu merasa pintar, sebab apabila Tuhan mengambil lagi ilmu yang menyebabkan anda terkenal itu, anda akan menjadi orang biasa lagi, malah lebih bermanfaat daun yang kering)
Wednesday, March 1, 2006
pilem ....
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
aku tau nonton film neng tivi ... ning mbuh judule opo ...lali ... le jelas ono adegan sing aku tetep eling lan nggawe penyawanganku neng wong dadi rodo bedo titik ... kui jane film action ... neng kono ono suhu lagi omongan karo murid ... kurang luwihe ngene :(suhu) Le .. reneo tak kandani ...
(murid) ono opo su ... (suhu.red)
(suhu) .. cobo deloken ... menurutmu iki opo ....
" si suhu ngetokke kertas HVS 80 gr terus nggambar ondol ondol cilik neng tengahe kertas "
(murid) kui ondol ondol su ....
(suhu) yo ngono kui menungso !!!!
(murid) ???&^%$#*?? ... LHA PIYE TO SU ...
(suhu) menungso kui mesti ndelok irenge sik timbangane putihe ... mbokno irenge cilik yo sing di omongke irenge .... aku ki ngeki koe kertas putih ono ondol ondole cilik !! tapi koe gur nyebutke ondol ondol cilike tok ... ra nggagas kertas putihe ....
mudeng ra karepe film kui ... maune aku ra langsung mudeng .. ning mbarang di gagas .. pancen pener ... saiki wong luwih bangga nek ngerti cacate .. cirine ... wadine ... elekke wong liyo ... timbangane opo sing wis dilakokke selama iki ...
opo yo koyo ngono sing jenenge adil ... nduwe salah gur sepele ... jan jane iso didandani ... ning malah nampo hukuman sing ra semestine .... anggere aku eling judul filme kui tak kopy tenan .. tak kekke karo wong sing do rumongso pener kui ... wong sing ra do rumongso salah ... wong sing gur isone nyacat ... wong sing ra ngregani kringete wong liyo ....
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Subscribe to:
Post Comments (Atom)
No comments:
Post a Comment
Note: Only a member of this blog may post a comment.