sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Yen sira kasinungan ngelmu kang marakake akeh wong seneng, aja sira malah rumangsa pinter, jalaran menawa Gusti mundhut bali ngelmu kang marakake sira kaloka iku, sira uga banjur kaya wong sejene, malah bisa aji godhong jati aking.(Bila anda mendapat anugrah ilmu yang membuat banyak orang senang, janganlah kamu merasa pintar, sebab apabila Tuhan mengambil lagi ilmu yang menyebabkan anda terkenal itu, anda akan menjadi orang biasa lagi, malah lebih bermanfaat daun yang kering)
Wednesday, September 6, 2006
Mangan Pathak!
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Paling bingung nèk ngobrol karo wong Wonogiri. Aku ana kanca wong Wonogiri, jenengé Karino. Dhèwèké kerjo nang dhaérah Kutu Dukuh, Yogyakarta. Nang cerak kantoré ana warung mangan sing murah meriah.Warung iku nyedhiakné panganan seko sego, sayur tekan gorèngan. Nah, lawuh sing sumadya ugo werno-werno. Ono témpé, tahu, pindang (iwak laut), lan ayam. Kancaku iku paling sênêng mangan karo lawuh sirah pitik. Pas wêktuné mbayar, dhèwèké ngomong,"bu, aku nganggo pathak loro".
Kabèh podho kaget. Pathak iku nang Jogja artiné sawat, utowo nguncalné watu sak kuwaté. Mula wajar nèk ibu sing dodolan ugo bingung. Gèk sing mbandhêm watu nang kancaku iku sopo? Mbasan ditakoni manèh karo sing adol, kancaku lagi ngomong,"pathak kie ndhas pitik iku lho bu". Kabèh banjur ngguyu. Lha wong ndhas pitik ki yo ndhas waé, kok iso-isoné diarani pathak. Dasar wong Wonogiri, ngono gunêmé kanca kerjané kancaku iku. :)
Nah, supayané ora ono kêdadèan kaya iku manèh, ayo padha urun rêmbug, basané sirah pitik ki opo nèk nang nggon sampéyan? Ndhas? Sirah pitik? Utowo ono ukara liyo sing bédo koyo pathak iku? :D
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Subscribe to:
Post Comments (Atom)
No comments:
Post a Comment
Note: Only a member of this blog may post a comment.