Wis pirang-pirang dina iki sejatine aku kepengen nulis
bab wong-wong seka manca nagara sing kasengsem marang kabudayan Jawa. Nanging iku durung kelakon merga sirah iki rasane kebak, awak kesel merga gawean, lan ati sing ora pati jenjem merga akeh sing marahi kemrungsung. Saking kepengine lan kangen nulis ing blog, mula ya lagi pepenginan wae sing dak aturake (hehehe...).

Pirang dina kepungkur (dinane lali) aku nonton tayangan
TV Trans-7 Empat Mata-ne
Mas Thukul Arwana. Sing diundang ing
talk-show iku dhalang kondhang
Ki Manteb Sudarsono, Ki Asep Sunandar, lan
Ki Gaura Mancacarito (dhalang asal Australia sing wis dadi WNI). Kejaba priyayi kakung ana uga priyayi putri yaiku
Ria Enes (sing maragaake boneka Susan) lan
Nyi Elizabeth (sindhen asli Perancis). Ora kaya adat biasane yen nonton Thukul, wengi iku aku nonton kanthi rasa gumun, kasengsem,
lan...isin!Kawigatenku mung marang Ki Gaura lan Nyi Elisabeth. Ing atase priyayi manca nagara wae padha kasengsem lan mbelani kabudayan Jawa nganti direwangi rila ninggalake nagarane, lha kok aku sing wong Jawa asli ora pati nggape,
luwih seneng dadi penikmat tinimbang pelaku budaya! Isih mendhing yen sing dinikmati iku seni budayane dhewe, apese mratandhani tresna marang warisan leluhur. Nanging umume bocah-bocah nom saiki luwih gampang kepilut marang kabudayan manca (hehehe...ngrasani ala!).
Aku isin, nganti kalah karo wong manca! Maksudku, kalah anggone gemati marang duwekku dhewe.
Aku dhewe sejatine kepingin isa kaya priyayi loro iku, melu dadi pelaku seni budaya Jawa
sing gemati lan mumpuni. Biyen rikala SMA aku sinau beksa (tari), setahun kaping pindho pentas sendratari utawa wayang won ing asrama sekolahan. Mangsane kuliah aku sinau nabuh kendhang bareng kelompok angkatanku, butuhe kareben isa ngiringi pangibadah ing greja. Nanging ya mung tekan semono! Dadi, nyipati ana priyayi manca sing luwih mumpuni kaya Ki Gaura lan Nyi Elizabeth iku (lan isih ana akeh liyane maneh),
sejatine aku meri! Aneh! Meri kok ya karo wong manca! Byuh...byuh...!
Ki Gaura, Nyi Elizabeth, kula kasengsem, isin lan meri dhumateng priyantun kados panjengengan! Nanging ugi kanthi tulus kula matur nuwun sanget dene panjenengan sampun ndherek nguri-uri kabudayan Jawi.
(Isih karo isin! Hehehe...tambah maneh yen nggatekake penari ing video seka
YouTube.Com ngisor iki!)
No comments:
Post a Comment
Note: Only a member of this blog may post a comment.