sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Yen sira kasinungan ngelmu kang marakake akeh wong seneng, aja sira malah rumangsa pinter, jalaran menawa Gusti mundhut bali ngelmu kang marakake sira kaloka iku, sira uga banjur kaya wong sejene, malah bisa aji godhong jati aking.(Bila anda mendapat anugrah ilmu yang membuat banyak orang senang, janganlah kamu merasa pintar, sebab apabila Tuhan mengambil lagi ilmu yang menyebabkan anda terkenal itu, anda akan menjadi orang biasa lagi, malah lebih bermanfaat daun yang kering)
Thursday, February 21, 2008
Udan
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Mau bengi udane deres banget, kaya grojogan. Biasane swasana udan ing wayah bengi gawe turu tambah angler. Nanging udan mau bengi malah marahi aku nglilir, merga kadhemen. Tur maneh, udan kaya mau bengi ing Jakarta marahi ati miris, kuwatir ana banjir. Panggonanku dudu kawasan rawan banjir. Nanging kaya-kaya ati iki tetep ora jenak. Turu ora kepenak. Pikirane nglambrang mlayu ing tlatah Jakarta lan Bekasi sisih lor. Adhiku ana sing mapan ing kana. Wah, gek kebanjiran apa ora? Muga-muga wae ora.Tekan esuk anggonku turu ora angler. Tangi kawanan, tekan kantor jam 08.28 WIB. Wadhuh! ***
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Labels:
Udan
Subscribe to:
Post Comments (Atom)
No comments:
Post a Comment
Note: Only a member of this blog may post a comment.