sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Yen sira kasinungan ngelmu kang marakake akeh wong seneng, aja sira malah rumangsa pinter, jalaran menawa Gusti mundhut bali ngelmu kang marakake sira kaloka iku, sira uga banjur kaya wong sejene, malah bisa aji godhong jati aking.(Bila anda mendapat anugrah ilmu yang membuat banyak orang senang, janganlah kamu merasa pintar, sebab apabila Tuhan mengambil lagi ilmu yang menyebabkan anda terkenal itu, anda akan menjadi orang biasa lagi, malah lebih bermanfaat daun yang kering)
Wednesday, April 16, 2008
Eling wong tuwo loro
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Udokoro jam wolu bengi, ono konco sing ngabari menawa Ibune Bp. Fauzan Wahyu Praptono, SE (Manajer Cabang Bidaracina) sedo. Inna lillaahi wa innaa ilaihi raaji'uun. Mak dab…………. Jojo bang mawingo-wingo !!!!! Aku banjur kelingan, wis pirang-pirang wulan ora ketemu karo simbok-bapak sing neng ndeso malah ngabarke we yo ora. Wektu iku uga aku banjur ngebel simbok-bapak liwat talipun gegeme (basa jawane HP) adhiku.Kring……….kring talipun ditampa adhiku, aku banjur takon endi simbok Mek? (undangane adhiku wadon kan Cemek). Simbok kerso ngendikan nganggo talipun gegeme adhiku, mak cleessssssss rasaning atiku kadya udan ing mongso ketigo, Simbok ngendiko yen sehat lan isih dodolan bubur lemu sanajan mung sithik-sithik.
Dulur kabeh, saking repot lan akeh gawean sing dilakoni, asring anak banjur lali karo wong tuwone sing wis ngukir jiwo rogone. Eling dulur, kepiyeo wae wong tuwo loro iku sing dadi jalaran awake dhewe iki dadi koyo mengkene. Mulane saiki uga enggal-enggala ngebel, talipun utawa kirim layang/SMS (yen basa jawane : Leladi Pesen Cendhak/LPC ya’e). Saiki!!!!! Ojo nganti telat!!!!
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Subscribe to:
Post Comments (Atom)
No comments:
Post a Comment
Note: Only a member of this blog may post a comment.