Thursday, June 5, 2008

GEDHANG BECICI

sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
GEDHANG BECICI

ORA ENTUK DI PANGAN


Ing Indonesia akeh jenise gedhang ana gedhang ambon, gedhang raja, gedhang susu, gedhang kepok, gedhang klutuk, gedhang becici lan sakliyane. Gedhang klutuk jarang di pangan amarga isine akeh, nanging gedhang becici pantang dipangan atas saran Sunan Muria. Kisahepun saklajengepun.
Putri Narayana yaiku istri Sunan Muria kang lagi meteng. Putri Narayana pengen mangan daging kijang. Sunan Muria seneng amerga puteri Narayana lagi meteng, nanging Sunan Muria bingung piye carane golek daging kijang,


Banjur Sunan Muria lan para santrine lunga marang hutan nggolek kijang, nanging ing tengah perjalanan Sunan Muria lan santrine ketemu karo wong tuwa lanang sing lagi nggolek kayu bakar, banjur pak tuwa ngandhani Sunan Muria yen hutan niki wanten sing nduweni yaiku Ki Lokajaya. Banjur Sunan Muria lan pak tuwa mau lunga neng guo arep nemoni Ki Lokajaya, nanging sakwisi tekan neng gua jebule neng gua orak ana sapa-sapa. Banjur Sunan Muria semedi neng njero guo lan njaluk patunjuk karo sing gawe urip.

Orak suwe panjaluke Sunan Muria di ijabahi. Sunan Muria lan para santrine banjur bali marang pesantren karo nggawa kijang. Tekan pesantren, putri Narayana saneng banget weruh Sunan Muria lan para santrine bali karo nggawa kijang. Sahingga ndadikake putri Narayana kepengen cepet-cepet mangan daging kijang.
Banjur Sunan Muria ngengken santrine njaluk geni neng omahe pak tuwa kang sakti. Santrine bali songko omahe pak tuwa orak nggawa geni malah nggawa gedhang becici, sahingga ndanekake Sunan Muria nesu, banjur gedhang becici mau di banting neng lemah, nanging orak suwe soko banthingane mau metu geni soko gedhang becici. Banjur geni kuwi akhire di enggo masak daging kijang.

Sakwise acara mangan-mangan daging kijang mau, banjur Sunan Muria ngendhikan karo kabeh santrine “elingo para santri lan anak putuku, aja nganti mangan gedhang becici, amarga gedhang becici rasane orak enak. Ben wae gedhang kuwi nduweni kodrate dewe.”

Banjur Sunan Muria lunga neng gua arep nemoni Begawan Lokajaya arep ngaturake maturnuwun marang Begawan Lakojaya, nanging Sunan Muria orak ketemu Begawan Lakojaya, amarga Begawan Lakojaya wis Moksa. Sahingga orak ana wong kang ngerti neng endhi kuburane. Kanggo ngaturaken maturnuwun, Sunan Muria nancepakake tongkat ing bekas pertapaan Begawan Lokajaya. Kelak tongkat kuwi bisa urip dadi suket pring sing kabeh wong orak bisa nggunakake,. Tongkat kuwi dadi cungkup (pelindung) kuburan kang di percaya masyarakat dadi kuburane Begawan Lokajaya.
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

No comments:

Post a Comment

Note: Only a member of this blog may post a comment.