sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Yen sira kasinungan ngelmu kang marakake akeh wong seneng, aja sira malah rumangsa pinter, jalaran menawa Gusti mundhut bali ngelmu kang marakake sira kaloka iku, sira uga banjur kaya wong sejene, malah bisa aji godhong jati aking.(Bila anda mendapat anugrah ilmu yang membuat banyak orang senang, janganlah kamu merasa pintar, sebab apabila Tuhan mengambil lagi ilmu yang menyebabkan anda terkenal itu, anda akan menjadi orang biasa lagi, malah lebih bermanfaat daun yang kering)
Thursday, July 24, 2008
Nyuwun Sunat (Tetak)
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
'Bi, yen sunat ki sakit mboten ta Bi?' Sore-sore pas preian sekolah wingi anakku lanang takon karo aku mengkono kuwi. Banjur tak jawab, 'mboten mas, mung kaya dicokot semut koq'. 'Wah yen ngoten mbok kula ndang disunatke mawon'. Kaget aku krungu penyuwunane anakku lanang, lha wong nembe kelas 2 SDIT Insan Kamil Karanganyar we koq wis nyuwun sunat.Aku banjur rembugan karo Ummine, nanging Ummi isih mesakke 'lha isih ilik ngono we koq Bi', jarene bojoku. Yen tak pikir-pikir ya pancen mesakke, apa maneh yen rembugan karo mbah Kakung Klaten (Bapakku) mesthi saya ora pareng, paling-paling dijawab, 'Le...Le, lha wong bapakmu (aku=sing nulis) we tetake pas kelas 3 SMP ngono lho, kowe lagi kelas 2 SD we koq wis ribut!!! Ora, suk mben wae mengko malah kecenthet'.
Bareng wingi wis wiwit melbu sekolah, anakku lanang tambah 'ngedrel' maneh nyuwun sunat amarga kanca kenthele sing jenenge Hisyam jebule ya wis sunat pas preen neng ngono mbahe Purwokerto. Hayoh piye iki!!!!!
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Subscribe to:
Post Comments (Atom)
No comments:
Post a Comment
Note: Only a member of this blog may post a comment.