sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Yen sira kasinungan ngelmu kang marakake akeh wong seneng, aja sira malah rumangsa pinter, jalaran menawa Gusti mundhut bali ngelmu kang marakake sira kaloka iku, sira uga banjur kaya wong sejene, malah bisa aji godhong jati aking.(Bila anda mendapat anugrah ilmu yang membuat banyak orang senang, janganlah kamu merasa pintar, sebab apabila Tuhan mengambil lagi ilmu yang menyebabkan anda terkenal itu, anda akan menjadi orang biasa lagi, malah lebih bermanfaat daun yang kering)
Thursday, August 14, 2008
Tresno Saka Kadohan
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Wis meh rong taun aku pisah saka kulawargaku, wiwit aku entuk SK kantor dipindah saka Solo tumuju kutho gedhe Jakarta ing wulan Oktober 2006. Wektu arep budhal rasane aboooooot banget amarga kudu adoh saka anak-bojo sing tak tresnani. Nanging bojoku menehi aku kekuatan supaya tetep budhal nyang Jakarta amarga yen aku ora budhal arep nyambut gawe apa wong durung duwe 'pethingan' sing cukup kanggo golek kaya.Dina sing tak liwati pancen abot, krasa suwe lan gawe ati nelangsa. Nanging bareng kabeh wis kulina banjur nemu hikmah sing pancen wis ditetepake Alloh marang titahe. Rasa tresna marang bojo, rasa tresna marang anak sansaya tambah, nilpun saben dina, yen krungu suarane bojo, anak rasanya mak nyus....... kaya Bondan.
Saben dina Jumuah aku mulih Karanganyar-Solo numpak kreta 'Senja Utama', dina Setu tekan prapatan Papahan-Karanganyar banjur ditunggu bojo lan anak wedokku sing prei sekolahe..... wah wah wah pancen nikmat yen mengkono kuwi, sanajan mengko Minggu sore kudu budal maneh menyang Jakarta.
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Subscribe to:
Post Comments (Atom)
No comments:
Post a Comment
Note: Only a member of this blog may post a comment.