sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Yen sira kasinungan ngelmu kang marakake akeh wong seneng, aja sira malah rumangsa pinter, jalaran menawa Gusti mundhut bali ngelmu kang marakake sira kaloka iku, sira uga banjur kaya wong sejene, malah bisa aji godhong jati aking.(Bila anda mendapat anugrah ilmu yang membuat banyak orang senang, janganlah kamu merasa pintar, sebab apabila Tuhan mengambil lagi ilmu yang menyebabkan anda terkenal itu, anda akan menjadi orang biasa lagi, malah lebih bermanfaat daun yang kering)
Monday, September 8, 2008
Sendang Kamulyan
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Mboten wonten tiyang gesang wonten ngalam donya punika ingkang mboten kersa gesang mulya. Sekathahing tindak budidaya supados saged kacekap anggenipun gesang lan ngupadi kamulyaning gesang, nyambut damel mboten ndulu wektu, ngantos supe dateng samukawis, supe halal-haram lan paugering Gusti.Ing wulan Ramadhan punika saestu Alloh paring kamulyan dumateng kita sami lumantas sendang kamulyan ingkang dipun sebar wonten salumahing jagad. Sendang kamulyan punika kaperang dados gangsal sendang inggih punika :
Sendang kamulyan ingkang arupi Alqur'an. 'Wong sing wasis maca Qur'an bakal sesandhingan marang malaikat sing mulya lan bekti, lan wong sing grothal-grathul anggone maca Qur'an entuk ganjaran loro cacahe' (HR. Bukhori-Muslim). Dados eman sanget menawi ing wulan punika wonten piyantun muslim ingkang mboten kersa maos Qur'an, rugi sanget!!!
Sendang kamulyan ingkang arupi Tarawih. Saestu sholat Tarawih mekaten ikhtiar kangge ngulintenaken kita supados sholat dalu, sahingga ing sajawinipun wulan Ramadhan kita sampun kulinten lan enthenglampahi sholat dalu.
Sendang kamulyan ingkang arupi Masjid. 'Kabarna marang wong kang gelem lumaku ing wengi kang peteng tumuju masjid menawa bakal oleh cahya kang padhang ana ing akherat. (HR. Al-Hakim lan Tirmidzi).
Sendang kamulyan ingkang arupi Fajr dumugi Dhuha. Punika wekdal ingkang sae kangge dzikir, emut dumateng Alloh, pramila monggo tansah emut dumateng Gusti supados kita dipun gatosaken lan pikantuk kesaenan donya-akherat.
Sendang kamulyan ingkang arupi Istighfar. 'Satemene Alquran iku nuduhake marang sira lelara lan obate, lelaraning urip yaiku dosa lan obate arupa Istighfar' (Qotadah)
Mugi-mugi kita sedaya pikantuk kamulyaning gesang donya-akherat lumantar wulan Ramadhan ing taun punika.
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Subscribe to:
Post Comments (Atom)
No comments:
Post a Comment
Note: Only a member of this blog may post a comment.