Jaman aku isih cilik, yen wis mangsa plabuh (bubar panen banjur miwiti garap sawah maneh) bapak wis tau ngajak aku budhal menyang sawah saperlu ngluku. Wektu iku traktor isih arang banget. Bapak manggul
luku, dene aku manggul
pasangan karo
brangus (emane ing gambar ndhuwur iku sapine ora dibrangus, dadi ora katuduhake wujude - brangus dianggokake ing congore kebo/sapi kareben ora mandheg mangan suket sajrone nyambut gawe). Gandheng nggonaku mung duwe kebo siji, minangka ganepe nyilih kebo kagungane pakdhe sing bareng-bareng digiring menyang sawah. Budhale wayah esuk mangsane embun durung ilang. Mesthi wae sadurunge sarapan dhisik, mangan jadah utawa sega pandha (sega gurih sing ditutu kaya jadah) lawuh tempe bacem, karo ngombe wedang teh manis. Sebagean digawa menyang sawah kanggo sangu. Jaaaan... nyamleng temenan! Sing marahi aku seneng melu bapak ngluku (utawa nggaru) marga sisan golek welut! Welut-welut sok padha katon ing tilas lakune luku!
Bakda diluku sawahe isih dipaculi, diidak-idak, dirata-rata utawa digaru, banjur ditanduri pari. Dadi, pakaryan ngluku tujuane mung kanggo malik lemah supaya luwih kendho sawuse padhet sasuwene mangsa tuwuhing pari. Luwih-luwih yen lemahe bera utawa suwe ora ditanduri. Kadhang kala pancen para kadang tani sengaja mberaake sawahe supaya lemahe leren "ambegan" dhisik.
[skd]Yen kepingin ngundhuh gambar-gambar ing slideshow iku ana ing kene: [KLIK].
No comments:
Post a Comment
Note: Only a member of this blog may post a comment.