Thursday, November 12, 2009

Kitab Mantra Yoga

sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

Kitab Mantra Yoga

Saka kitab Sonteng kawuwuhan bab manunggale mantra warna-warna dalah keterangane

dening:
Ki Trunarimong lan Sang Indrajati
( 185 wejangan )
Kaetjap Kaping VI – 1956
Wedalan: Toko Buku “Sadu Budi” Solo

*** * ***

1. Ngelmu Na'sabandiah, sorogane saka panuwunan ing 'Kodrat pribadi, lakune saka kredjeting dzat kita, manawa wus bisa djumeneng patrape, bandjur katataa kalawan eneng-ening, dumu­nung ing asepi uga wantah bae panuwune.

2. Ngelmu Ghaibulagujub, kawasane bisa mudjudake apa kang sinedya, lakune, saka gaibing dzat kita pribadi. Kabeh iku, pirantine kaanggo mudjudake kaelokan, kanti saka panuwun mahas ing ngasepi.

3. Ngelmu Sepi, kawasane bisa nggantjangake laku, mawa angin, lakune saka napas kita ka-ampet saenteke, manawa wus tumeka, nupus bandjur djumeneng pribadi.

4. Ngelmu Mubin, kawasane bisa mudjudake kang sinedya ana ing ngalam donja, lakune saka megeng tanapas kita.

5. Ngelmu Mu’in, kawasane bisa mudjudake ing kaelokan lakune saka ing napas kita.

6. Ngelmu Ahjatsabitah, kawasane bisa nekakake kaelokan ana ing ngalam donja, lakune saka nupus kita.

7. Ngelmu Barajan, kawasane bisa mudjudake tjipta, lakune saka roch djasmani kita pribadi.

8. Ngelmu Mahbut, kawasane bisa gawe apesing dumadi lakune saka roch rochani kita.

9. Ngelmu Makdum-sarfin, kawasane bisa mudjudake pratanda, panjoroge saka emating ati sanubari, lakune angon lebu metune napas kita.

10. Ngelmu Satariah, sorogane katarik saka panuwunan wahjaning djedjantung, lakune angon keketek kita, kawasane bisa nglerepake wong.

11. Ngelmu Sirasab, sorogane katarik saka panuwunan, metu saka pambudi kita pribadi, kawasane kinedepan ing para wong, lakune mepet witjara.

12. Ngelmu Charadjek, sorogane katarik saka djinem, kawasane kinasihan ing ratu, lakune saka pamijarsane kuping kita.

13. Ngelmu Madjelis, sorogane katarik saka suksma, lakune saka pangganda, kawasand bisa ginugu saudjare dening sasamane ngaurip.

14. Ngelmu Fatakur-rachman, sorogane saka panuwu­naning rahsa, lakune lawan pangrasa kita pribadi, kawasane ora kena luput.

15. Ngelmu Sufi, sorogane katarik saka panuwunan lawan madi, lakune kalawan warna kita.

16. Ngelmu Chafi, sorogane katarik saka panuwunan ing wadi kita, lakune kalawan ing rupa kita, sakarone iku kawasan luput ing goda rentjana.

17. Nijate adus ing dina malem Djum'at
“Nijatingsun adus ing telaga Nirmala, banjune tirta marta, sutji ndjaba sutji ndjero, katurunan lintang Sukra, ambuka sarining gampang, kang tak tjipta kang tak sedya teka gampang, gampang, gampang, gampang, katekan karepku".

18. Nijat adus ing malem pasaran Pon
“Bismillahi al rachman nir rachim, nijatingsun adus ing malem pasaran Pon, kalembak ananing wadon, surja ananing lanang, nur tjahja mulia, mulia saking karsaning Allah, la ilaha ila-Ilah, Muchammad-Rasulullah".

19. Nijate adus ing dina malem tanggal sapisan
”Nijatingsun adus banju sutji mili teka Mekah, sun dusaken badaningsun, sutji ndjaba sutji djero, sirna kang ala tuwa, kari kang bagus anom".

20. Sumbaga adus
“Nijtingsun adus ing telaga sari, banju sutji, den edusi para Nabi, den kosoki para Wali, den turuni tjahjaning para Widadari, bjar, mubjar, gumebjar badan sariraku".

21. Sumbaga raup
“Nijatingsun raup banju ing telaga mulia, tanganku salaka mantas, wadanaku mantjur kaja katja benggala sinangling, ling dumeling, singa ndulu marang aku pada pangling".

22. Sumbaga sisig
“Nijatingsun sisig, banjonku nila desti, untuku tedja malela, gusiku si djumpi keri, lambeku srengenge kembar, manis saking lidahku nadyan kabeh pada sisig, mung ingsun sarining patut".

23. Sumbaga pupur
“Nijatingsun pupuran, pupurku sarining tjahja, widadari pada paramarta, warnaku Nabi Jusuf, suwaraku Nabi Dawud, singa ndulu marang ako teka kedap teka lerep, teka welas teka asih".

24. Sumbaga ngrembug pupur
”Nijatingsun ngrembug, pupur melik -melik kaja lintang, warnaku kaja prada binabar, alisku kiwa Sri pantes, alisku te­ngen Sri kemat, pipiku kiwa Sri ruket, pipiku tengen Sri pulut, bathukku Sri asih, singa ndulu marang aku teka welas teka asih, asih, asih, asih marang ingsun”.

25. Sumbaga kadaton minulja
“Ja ingsun sumbaga kadaton kang minulja, singa ndeleng pada kapentjut ing warnane Sang Udajijitna, teka ndongong teka ngengleng, ndulu sariraku".

26. Sumbaga panganten
“Ja hu kirap sawudjud, karoning tunggal sadjati, sang kyai panganten, pangarihe kuda lalejan, patahingsun Sang Kamadjaja lan Ratih, kang angsung tjahja Hyang Djagadpratingkah, para Dewa pada mara turut kukusing dupa, pada paring rupa, Hong ilaheng awighnam astu namas siddham, sinidiha dera Sang Murweng Djagadpratingkah”.

27. Sumbaga setagenan
“Adi kula, rupa kutane ingukir, urip tan kena ing pati, gumawang sarining bumi, mantjur tjahjane si Djajakusuma, ija aku si Djajakusuma, teka welas teka asih, pada ndongong pada ngengleng singa ndulu badan sariraku, saking karsane Kang Akarja Padhang Peteng".

28. Sumbaga lungguh
“Guru lungguh, Kala lung, sabuwana, ja aku lelananging djagad, djin sjaitan ora katon, kang katon, kadjaba mung aku kang katon sarinane sawengine ana sangarepe (a) wong sa………. (b) si ……………

29. Sumbaga wawan sabda
“Kuwung-kuwung pangadegku, tedja mantra paningalku, gelap sewu suwaraku, teka welas teka asih, (a) si………… maring aku, (b) wong sa………….. maring aku".

30. Sumbaga tjahja
Sadjroning padjagongan jen rumasa kalah bagus, dilebur: nganggo mantra, “Manik lebur dening tjahja, tjahja lebur dening manik, kabeh-kabeh pada surem,, mung ingsun ingkang amancorong”.

31. Kalane lumaku adoh utawa ana ing padunungan sepi
Mangkono uga nijatt puasa, supaja betah ora mangn, mustija mantra:
“Sang kumala putih, sang manik putih, angadeg sundul ing langit, guluku sa'edom, ususku sa'dami-aking, bungah tanpa njandang, wareg tanpa mangan, antjer tanpa nginang, sager tanpa ngombe, sager, sager wus kodrating Allah".
Lakune ora kena ngaruh-aruhi wong mangan, lan tawekal njegah kapengin pepanganan.

32. Mantrane lumaku adoh
Darapon ora wegah lan kesel: mantram Puter-aguling.
“Allahuma bumi sakilan djagad sakilan wesinira kurukala puteran sallallahu 'ali kaera kalifat Muhammad”.

33. Iki donga tingkep
Darapon slamet bijung lan anake kang den kandhut.
“Allahuma adj’aldjanini waladan salichaha achriz hu min­badhni amihi sahlan sofijan wa tak wil ngumurrohu wa assalamati fidini wadunja wal acherotu innaka 'alakulli saiin kodirun".

34. Mantra ngedohake sjetan tan hantu
Jen kawatja kaping 3 lumpuh luluh sjetan hantu iku.
“Allahuma adj'al iblisa minassaitonir radjim innaka 'alakulli sjaiin kodirun innafatahna laka fatchan mubina nasru minallohi wa fatchun koribun wabasir wabasiril mukminina au'dartu lekuli hawalin, lailahaillalah Muchammad-rasullulahu likuli gamin wahamin massa Allah walikuli mashitin innalilahi wainna illaihi rodjiun".

35. Mantra pudji supaja bagas kuwarasan
“Allahuma lakalhamdu 'alaena 'alamna wanasaluka biismikaladi huwaakthamu 'asmaika biannaka lana malikun, waanaka alamatasa’u minamrin ja kunu, naskaluka anla tansina dikri kabira chamtaka ja archama-Rochimin".

36. Donga slamet jen nenunggang
Darapon sumingkir ing bentjana lamun nunggang prau.
“Subachanalladi sachara lana hadha wamakuna lahu mizqa­rabin wiainna ilalrobina lamungalibun".

37. Donga tetulak ambah-ambahan manawa pinudju ana lelara
Winatja saben bangun esuk.
a) “Allahuma aksep analbala'a malajakzifuhu gaeruka".
b) “Allahuma azngalna minalqanitin waltadj ngalna minalqanitin washalilah’ali zaea kalifah Muchammadullah wa sachabah adjma'in subchana rabika rabbil’izatu 'amajashifun assalamu 'alalmursalina walchamdu lillahi robil'alamin".

38. Donga tulak bilahi saka nijat ala
“Allahuma bali abalija turawali awaija ijaka nakbudti waijaka nasta'in birachmatika ja archama rachimin".

39. Donga supaja tansah djembar atine
“AIIahuma ja'aliju ja'adimu ja kalimu ja alimu anta rabbi wa'ilmuka chasbi fanik marobbu rabbi wanikmal kasbu tansuru mantasa’u waantaldjidjul rachimu naskalukalishmata fi alkarkati wassukunaba walkalimati walliradati walchutharati minassukuki wadhuduni wa alauha mi safirati l.l.l. lilqulubi 'anmuthala 'atilgujubi paqadibtaIajaImukminuna warabu zulzizalar sadidan wa id-jaqulum munafiquna wa aladina l.l.l. fiquiubihim mardun maws adnal Lahu warusulahu illagurura patabina waansurna wama qadarullahu chaqqafadlihi walardla djami'an qabadhnuhu jaumalqujamati was­samawati muthawijatun bi aminihi subchanahu wata'ala ama jusrikun".

40. Mantra kanggo wong ngalih panggonan anjar
Supaja diasihi ing tangga-teparo lan wong akeh (tetepungn anjar), amantrakna ing malem Djum'at ing pepanganan kang legi, sabandjure panganan mau dikendurekake utawa di-dieterake ing tetangga kang tinudiu, mangka para wong mau dadi eling Ian asih, iki dongane:
“Allahuma ja danu amalchasu sunad dha'imun".

41. Donga ngendak napsuning wong Ian nguwatake ing hawa panas dadi adem utawa hawa adem dadi anget.
Iki dongane:
“Allahuma asmachaesa maschaelamu silamun, ja manamruhu, ida arada saean an ja'qulullohu, kunfajakun subchana rabaka rabbil 'idjati 'ama jasifun wassalam alalmursalina walchamdu lilahi rabbil 'alamin".

42. Donga supaja enggal katekan kekarepane.
Iki dongane:
“Allahuma ja wagasath ja wagasath aklaghun".

43. Mantra kanggo nggedekake wong kang atine bingung utawa rusak.
Darapon eling Ian waras. Iki dongane:
“Allahuma ja archamu sjaha rachim rachimun".

44. Mantra ngaberake wisa ula, klabang, kaladjengking
Winatja ing banju bandjur diombekake lan tinetesake ing tatune.
“Allahuma ja ahaesarah hija ja dawani asabaun asabausun".

45. Mantra njarati djamu kentjur kang kasijate ngilangake ngeres linu kang ana ing djasad.
Sjarat rukune djamu kentjur mau tjampurane : Kentjur, mritja, tjabe, bawang, ujah, asem, pinipis dadi sidji, pamipise ana ing latar ing wajah bedug awan.
Manawa wis dadi mantranana:
“Sang Bagenda Karim anakira kalima saanak amarasake lelara kang ana sadjrone sungsum Ian amarasake lara kang ana ing bebalung kabeh, Ian lelara kang ana ing daging, Ian amarasake lelara kang ana ing otot, Ian amarasake lelara kang ana ing kulit, Ian amarasake lelara busung, Ian amarasake lumpuhe purusa, Ian amarasake lelara kang ana ing djasad kabeh, lara ina. Saking barkate Nabi Muhammad salallahu'alaihi wassalam".
Sawise ngombe djamu mau, adja age-age memangan Ian adja ngombe banju Ian apa-apa kang legi-legi. Sadurunge diombe djamu mau (sawise pinipis) kaleremna sadina sawengi.

46. Mantra nututake kewan-kewan
“Allahuma ja argaesja solitasun ja siratasma'u asma'u asma'u sami'un ja malichun amalika ja maliki malichun, jara'ali jara'ija ja ra'inu jaradun asmachaesa machaeilamu silamun ja manamruhu ida, arada saean an ja'qullohu kunfajakun subchana rabaka rabil 'idjati ama jasifun wassalamu 'alalmursolina walchamdu lillahi rabbil alamin".

47. Donga sarana supaja adja rekasa Ian karasa ngaja ngangkat ndjundjung, mangka dadi ora krasa abot.
“Bismilah quderatuhu asmu-uhu bismilah sjajidihi bismilah lamautihi".
“Bismilah koderatuhu bismilah sajidihi bismilah asmaihi bis­milah mautihi bismilah lakaula walakauwata ilia billahil 'alijil adlim".

48. Sjarat kang utama kanggo nguwatake angkat djundjung iku nganggo laku.
Jaiku puasa sawelas dina, ora mangan iwak patang puluh dina.

49. Donga ngreksa botjah darapon slamet.
“Allahuma an azalna fil umuri thiblin wabarkati warohmatin wanikmatin waquwatin innaka 'alaquli saeingodir birahmatika ja archama rachimin".

50. Donga ngedohake tjoba
Kajata kumpul panggonan wanita kang endah-endah ing warna, adja nganti ketarik (tjoba) dadi tumindak branta.
Uga panggonan ngabotohan kuwasa njegah ora katut melu-melu.
“Allahuma rafa'na bilquzanil adhim wa barik-lana bilajati wadikrilchakim fagfirlana dimubana koloha ja lohu alamin ja kolaqal arwachi waldjisimni as'aka bil barkati surohuna andjalna watadjala finabiji salallahu 'alaihi wassalam ja robadjngalna, iladinil islami dachalahu Allahu fidini wadunja wal achirah".


---- ana candhake ----
sepatu orthopadi orthoshoping.com sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita kelainan kaki pada balita arrow
Ads orthoshop info

No comments:

Post a Comment

Note: Only a member of this blog may post a comment.