sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Yen sira kasinungan ngelmu kang marakake akeh wong seneng, aja sira malah rumangsa pinter, jalaran menawa Gusti mundhut bali ngelmu kang marakake sira kaloka iku, sira uga banjur kaya wong sejene, malah bisa aji godhong jati aking.(Bila anda mendapat anugrah ilmu yang membuat banyak orang senang, janganlah kamu merasa pintar, sebab apabila Tuhan mengambil lagi ilmu yang menyebabkan anda terkenal itu, anda akan menjadi orang biasa lagi, malah lebih bermanfaat daun yang kering)
Wednesday, December 2, 2009
Mei Sepo
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Mulih saka lapangan bubar Sholat Idul Adha... rasane weteng wis ora iso dikandani. Lha piye nyunnah yen meh Sholat Idul Adha luwih becik ojo maem dhisik.Lha dhilalah... neng ngomah ora ono upa bengkong (sega) anane mung mie instan. 'Dik... mbok gawe mie ta, wetengku wis klurug je...' ngomongku marang Ummi (bojoku). 'Nggih mas...., sekedap nggih'. Sedela Ummi mbukak kulkas...... 'kantun mie goreng niku mas...?'. 'Sing rebus gak ana ta Dik...?. lha wong senenganku ki sing godhog je. 'Wonten mas, ning mung setunggal.' 'Yo wis... gawe loro sisan wae, siji rebus, siji goreng masake bareng wae'.....
Kocap....!!! Mie godhog wis mateng..., aku kebagian godhog, Ummi kebagian sing goreng. 'Dik, koq mie-ku rasane sepo?. 'Lah..... mie kula malah asin banget mas....!!!' Bareng ditelusuri..... jebul bumbu mie rebus disuntak pisan neng mie goreng..... Haduh..!!!!
Bareng tak pikir-pikir.. apa sing salah, jebule.... wulan iki Ummi durung tak wenehi gaji.... mulane disindir nganggo mie sepo.... Oalah Dik... ngapunten banget.
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Subscribe to:
Post Comments (Atom)
No comments:
Post a Comment
Note: Only a member of this blog may post a comment.