sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Yen sira kasinungan ngelmu kang marakake akeh wong seneng, aja sira malah rumangsa pinter, jalaran menawa Gusti mundhut bali ngelmu kang marakake sira kaloka iku, sira uga banjur kaya wong sejene, malah bisa aji godhong jati aking.(Bila anda mendapat anugrah ilmu yang membuat banyak orang senang, janganlah kamu merasa pintar, sebab apabila Tuhan mengambil lagi ilmu yang menyebabkan anda terkenal itu, anda akan menjadi orang biasa lagi, malah lebih bermanfaat daun yang kering)
Thursday, February 18, 2010
Wigatining Panggulawentah
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
(Sinawung ing Sekar Pangkur)
Panggulawenthah mring putra
Aywa kongsi kalepyan ing pamerdi
Anggegadhang budi luhur
Myang ruruh anoraga
Dhahat amemundhi mring piyantun sepuh
Tan pegat katresnan miwah
Nggegulang watak utami.
Angger pra putra sadaya
Sira aywa kendhat amesu budi
Prihatin angudi kawruh
Tikbra kalampahana
Amegeng sakehing godha sarta napsu
Nyata marganing kamulyan
Kang kajibah den rungkebi.
Para putra wayah samya
Gebyaring pasrawungan ing saniki
Tata krama tan rinengkuh
Subasita wus musna
Patrap cecanthangan myang tingkah keladuk
Tan tata murang susila
Gya aglis sira singkiri.
Ibarating pawiyatan
Duking taruna wus tindak nalisir
Mbadal sakehing pitutur
Sinareng ngancik yuswa
Saya wasis dadya sumbering dahuru
Ontran-ontran ing bebrayan
Njarah rayah myang korupsi.
Pepunton kang wus kalampah
Mring pra mudha keh kang samya mrenguti
Saking tumindak tan santun
Sapa kang dhawah lepat
Pra taruna amung kurbaning pra sepuh
Wit bocah tan digegulang
Kurban kelangan lelungit.
Angrungkebi tata krama
Kang sinengkuyung ing alusing budi
Wanter lan tatag wus jumbuh
Tatag wit titi tata
Mung kang titi lan tata woting panggayuh
Anduwa budaya manca
Kang ngrabasa manjing klilip.
Panggulawenthah mring putra
Aywa kongsi kalepyan ing pamerdi
Anggegadhang budi luhur
Myang ruruh anoraga
Dhahat amemundhi mring piyantun sepuh
Tan pegat katresnan miwah
Nggegulang watak utami.
Angger pra putra sadaya
Sira aywa kendhat amesu budi
Prihatin angudi kawruh
Tikbra kalampahana
Amegeng sakehing godha sarta napsu
Nyata marganing kamulyan
Kang kajibah den rungkebi.
Para putra wayah samya
Gebyaring pasrawungan ing saniki
Tata krama tan rinengkuh
Subasita wus musna
Patrap cecanthangan myang tingkah keladuk
Tan tata murang susila
Gya aglis sira singkiri.
Ibarating pawiyatan
Duking taruna wus tindak nalisir
Mbadal sakehing pitutur
Sinareng ngancik yuswa
Saya wasis dadya sumbering dahuru
Ontran-ontran ing bebrayan
Njarah rayah myang korupsi.
Pepunton kang wus kalampah
Mring pra mudha keh kang samya mrenguti
Saking tumindak tan santun
Sapa kang dhawah lepat
Pra taruna amung kurbaning pra sepuh
Wit bocah tan digegulang
Kurban kelangan lelungit.
Angrungkebi tata krama
Kang sinengkuyung ing alusing budi
Wanter lan tatag wus jumbuh
Tatag wit titi tata
Mung kang titi lan tata woting panggayuh
Anduwa budaya manca
Kang ngrabasa manjing klilip.
sepatu orthopadi
orthoshoping.com
sepatu untuk koreksi kaki pengkor/ bengkok pada balita
kelainan kaki pada balita
Ads orthoshop
Labels:
Geguritan
Subscribe to:
Post Comments (Atom)
No comments:
Post a Comment
Note: Only a member of this blog may post a comment.